ZAKHARIA 13:8 - Kitab Sutji8 satemah ing sawratane nagara – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – wonge kang rong pratelon bakal padha tumpes mati, mung sapratelon kang kari urip ana ing kono. Faic an caibideil |
Amarga Ingsun nunggil klawan sira, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, prelu mitulungi sira. Sakehing bangsa kang Sunpasrahi sira ana ing satengahe, iku bakal Sunsirnakake, nanging sira ora bakal Suntumpes tapis. Ingsun bakal nggebagi sira wewaton angger-angger, nanging Ingsun babar pisan ora nganggep sira tanpa kaluputan.
Ratu mau bakal damel aboting prajanjian iku tumraping wong akeh lawase pitung mangsa. Ing tengah-tengahing pitung mangsa iku panjenengane bakal nguwisi kurban sembelehan lan kurban dhaharan; juru pangrusak banjur bakal teka kalawan swiwining kanisthan, nganti karusakan kang wus katetepake tumempuh marang kang ngrusak mau.”
Ingsun bakal nyelaki sira kabeh prelu ngasta pangadilan lan jumeneng dadi seksi kang maju nglawan marang para juru tenung lan para wong laku bandrek, sarta marang wong-wong kang nglairake sumpah palsu, tuwin marang wong kang nindhes para buruh opahan, para randha lan bocah lola, apadene kang nundhung wong ngamanca, tanpa duwe rasa wedi marang ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.