Mulane wong-wong mau saya seru anggone padha nyebut sarta padha natoni awake kalawan pedhang lan tumbak kaya kang wus dadi adate, satemah getihe dhleweran saka ing awake.
Nanging Sang Yehu tumuli menthang gendhewane sarosane, Sang Prabu Yoram dilepasi panah, tumama ing antarane walikate lan tumembus ing jantunge, satemah banjur ambruk ana ing kretane.
“He pedhang! Sira nempuha abdiningSun juru pangon, wong kang raket banget kalawan Ingsun!” Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. “Juru pangon iku patenana, temahan wedhuse banjur padha buyar, sarta Ingsun bakal ngagem astaningSun Sunagem nglawan marang kang ringkih,
Wangsulane Sang Pilatus: “Punapa kula punika tiyang Yahudi? Bangsa Panjenengan piyambak lan para pangajenging imam ingkang ngladosaken Panjenengan dhateng kula; Panjenengan tumindak punapa?”
Anadene pegane geni pasiksan iku kumelun ing salawas-lawase, lan panyiksane tanpa leren rina-wengi, yaiku kang padha sujud marang si kewan lan marang recane iku, mangkono uga sapa kang nampani cirining jenenge.”