ZAKHARIA 13:3 - Kitab Sutji3 Lan saupama isih ana wong kang muncul dadi nabi, bapa-biyunge kang nganakake dheweke bakal padha nyelathoni mangkene: Kowe iku aja urip bae, marga apa kang kokucapake demi asmane Sang Yehuwah iku goroh! Bapakne lan ibune kang wus nganakake wong iku bakal banjur nyuduk anake, nalika pinuju medhar wangsit. Faic an caibideil |
mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “He, anaking manungsa, iku dhamparingSun lan papaning tlapakaningSun; Ingsun bakal dedalem ana ing kene ana ing satengahing wong Israel, ing salawas-lawase sarta turune Israel ora bakal najisake maneh asmaningSun kang suci, iya wong-wong iku kabeh, iya para rajane, kalawan anggone laku jina utawa kalawan mayite para rajane kang wis padha mati;