ZAKHARIA 13:2 - Kitab Sutji2 Iya ing wektu iku – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi – Ingsun nyirnakake jenenge sakehe brahala saka ing nagara iku, nganti wong-wong padha ora eling marang iku maneh. Dalah para wong kang ngaku-aku nabi sarta roh reged bakal Sunbuwang saka ing nagara kono. Faic an caibideil |
mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “He, anaking manungsa, iku dhamparingSun lan papaning tlapakaningSun; Ingsun bakal dedalem ana ing kene ana ing satengahing wong Israel, ing salawas-lawase sarta turune Israel ora bakal najisake maneh asmaningSun kang suci, iya wong-wong iku kabeh, iya para rajane, kalawan anggone laku jina utawa kalawan mayite para rajane kang wis padha mati;
Ana ing ngendi bae pamanggonira, kutha-kuthanira bakal dadi jugrugan lan tengger-tengger panggonanira saos kurban bakal dadi sepi mamring, supaya misbyah-misbyahira karemuk lan tininggal sepi mamring, brahala-brahalanira diejur-ejur lan disirnakake, padupan-padupanira dilebur sarta gegaweaning tanganira padha kamusnakake.
Sarta ing dina iku sira bakal Sundamelake prajanjian karo sato-kewan ing ara-ara lan manuk-manuk ing awang-awang, apadene karo sakabehe kewan kang gumremet ana ing bumi. Gandhewa, pedhang sarta pirantining perang bakal padha Sunsirnakake saka ing bumi, tuwin sira bakal Sundamel bisa nglegeyeh kalawan tentrem.