ZAKHARIA 12:8 - Kitab Sutji8 Ing wektu iku Pangeran Yehuwah bakal ngayomi marang para isine Yerusalem, dalah panunggalane kang kajengklok bakal dadi kaya Sang Prabu Dawud sarta kulawargane Sang Prabu Dawud bakal padha dadi kaya Gusti Allah, kaya Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, kang dadi pangajenge. Faic an caibideil |
Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku: “Kayadene singa utawa singa enom kang gereng-gereng ngukuhi memangsane, lan ora kaget krungu gembar-gembore pangon sagolongan kang dikumpulake arep nglawan, sarta ora mundur dening ramene, iya mangkono bakal tumedhake Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi lan banjur perang ngekahi gunung Sion lan tenggere.
Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebuse Israel, Gusti Allahe Kang Mahasuci, marang kang diremehake dening wong, marang kang dianggep njijiki dening para bangsa, marang abdining para kang nyekel pangwasa: “Para ratu bakal nyumurupi pandamelingSun, lan banjur padha ngadeg ngunjukake kurmat, tuwin para panggedhe bakal padha sujud nyembah, marga saka Pangeran Yehuwah kang setya marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, kang wus milih sira.”
Sarta sanyata linuhur wewadine pangibadah kita iku: “Panjenengane kang wus ngatingal awujud manungsa wus kaleresake marga dening Roh kang ngatingal marang para malaekat, kawartosake ana ing antarane para bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah; kang dipracaya ana ing jagad, iku wus kasengkakake marang kamulyan.”