ZAKHARIA 12:4 - Kitab Sutji4 Ing wektu iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – Ingsun bakal damel bingunge sakehe jaran, lan sakehe wong kang nunggangi padha dadi edan, balik tumrap para turune Yehuda, Ingsun bakal ngelekake paningalingSun, nanging jarane bangsa liya bakal Sundadekake picak. Faic an caibideil |
mugi talingan Paduka tumilinga saha paningal Paduka mugi nguninganana, supados miyarsakaken ing pandonganipun abdi Paduka, ingkang kawula unjukaken wonten ing ngarsa Paduka rinten lan dalu kangge para kawula Paduka, tiyang Israel, kalayan ngakeni dosa, ingkang sampun sami kawula lampahi dhumateng Paduka. Ugi kawula dalah kulawarga kawula inggih sampun sami damel dosa.
Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nanggapaken talingan Paduka saha karsaa miyarsakaken; dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngelekaken paningal paduka saha karsaa mirsani; Paduka mugi karsaa midhangetaken sakathahing pitembunganipun Sanherib, ingkang kakintunaken kangge ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang.
Dhuh Allah kawula, mugi karsaa nilingaken tuwin midhangetaken, mugi paningal Paduka karsaa maspaosaken saha karsaa mirsani, karisakan kawula sadaya tuwin kitha ingkang kasebut mawi asma Paduka; wondene anggen kawula sami ngunjukaken pandonga kawula wonten ing ngarsa Paduka punika boten adhedhasar lelabetan kawula, nanging alandhesan sih-katresnan Paduka ingkang luber.
Ing wektu iku para gotrah ing Yehuda padha Sundadekake kaya anglo isi geni ana ing satengahe tumpukan kayu lan kayu obor kang murub ana ing satengahe gedhengan gandum; temahan geni loro-lorone iku nyalad ngiwa nengen marang sakehe bangsa ing sakubenge, nanging Yerusalem lestari ana ing panggonane lawas.