Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 12:3 - Kitab Sutji

3 Ing wektu iku Yerusalem bakal Sundadekake watu kang dijunjung kanggo sakehe bangsa. Sapa bae kang njunjung mesthi banget anggone nandhang tatu. Sarta sakehe bangsa ing bumi bakal padha nglumpuk nglawan marang Yerusalem mau.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 12:3
31 Iomraidhean Croise  

Lah bangsa lan karajan kang ora gelem suwita marang sira mesthi bakal sirna; bangsa-bangsa iku bakal karusak, katumpes.


Bani Yakub bakal dadi geni, bani Yusuf urubing genine dene bani Esap tunggakaning gandum; nuli bakal kaobong lan kamangsa nganti entek, tuwin turune Esap ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, awit Pangeran Yehuwah kang ngandika mangkono.


Tanganmu bakal ngungkuli para lawanmu, sarta sakehe mungsuhmu bakal katumpes.


Marga panganiaya kang tumrap gunung Libanon, iku bakal nasabi sira, lan tumpesing kewan-kewan bakal ngagetake sira, marga saka getihing manungsa kang wutah iku lan marga panganiaya marang nagara, kutha lan para wong isine kabeh.


Lan ing wektu iku Ingsun bakal matrapi wong kabeh kang wus nindhes marang sira; nanging mitulungi kang padha pincang, sarta ngumpulake kang padha pating slebar, lan sapira kang kawirangan bakal Sundadekake ingalembana lan misuwur ana ing salumahe bumi.


“Sira ndhawuhana marang Zerubabel, bupati ing Yehuda, mangkene: Lah Ingsun bakal ngoregake langit lan bumi,


Ing wektu iku patangisan ing Yerusalem bakal kaya pangadhuhe Hadad-Rimon ana ing lebak Megido.


Ing wektu iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – Ingsun bakal damel bingunge sakehe jaran, lan sakehe wong kang nunggangi padha dadi edan, balik tumrap para turune Yehuda, Ingsun bakal ngelekake paningalingSun, nanging jarane bangsa liya bakal Sundadekake picak.


Ing wektu iku para gotrah ing Yehuda padha Sundadekake kaya anglo isi geni ana ing satengahe tumpukan kayu lan kayu obor kang murub ana ing satengahe gedhengan gandum; temahan geni loro-lorone iku nyalad ngiwa nengen marang sakehe bangsa ing sakubenge, nanging Yerusalem lestari ana ing panggonane lawas.


“Ing wektu iku bakal ana sumber kang kaparingake marang turune Sang Prabu Dawud lan para wong isine Yerusalem kanggo ngumbah dosa lan kanajisan.


Ing wektu iku bakal timbul geger gedhe kang asale saka Pangeran Yehuwah, nganti wong-wong padha candhak-cinandhak lan tempuh-tinempuh ing antarane kanca padha kanca.


Ing wektu iku bakal ora ana hawa adhem maneh utawa mangsa bedhidhing,


[Lan sing sapa tiba ing watu iku, bakal ajur mumur lan sing sapa katibanan bakal remuk.]”


Sing sapa tiba ing watu iku, bakal ajur mumur, lan sing sapa ketiban, bakal remuk.”


Yaiku roh-roh setan kang nganakake mukjijat-mukjijat, kang padha lunga nggoleki ratu-ratu saindenging jagad, padha diklumpukake diajak perang ing dina kang wingit, yaiku dinane Gusti Allah kang Mahakuwaos.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan