ZAKHARIA 12:2 - Kitab Sutji2 “Lah Yerusalem Sundadekake bokor pangomben kang mendemi tumrap sakehe bangsa ing sakubenge, sarta Yehuda bakal ngrasakake susah samangsa Yerusalem kakepung. Faic an caibideil |
Ingsun bakal nglumpukake sakehe bangsa, kang bakal padha nglurugi perang marang Yerusalem, kutha iku nuli bakal direbut, omah-omahe padha dijarah-rayah, wonge wadon padha dirusuhi. Wong isine nagara separo kagawa metu menyang pambuwangan, nanging kekarene umat ora bakal katumpes saka ing kutha kono.