Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 12:1 - Kitab Sutji

1 Wangsit Pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake tumrap Israel: Pangandikane Sang Yehuwah kang njereng langit lan kang nalesi bumi, sarta kang nitahake roh ing sajroning manungsa:

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 12:1
36 Iomraidhean Croise  

Pepenthengan mau diparingi aran: langit. Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kapindho.


nalika samana Sang Yehuwah Allah tumuli akarya manungsa, kang kinarya lebuning bumi, iku ing bolonganing irunge disebuli ambekaning urip; mangkono manungsa dadi titah kang urip.


Gusti Allah mentheng langit lor mayungi awang-uwung, lan nggantung bumi tanpa canthelan.


Apa kowe bisa nggubah mega dadi cakrawala kaya Panjenengane, nganti padhet kaya pangilon cithakan?


Paduka ingkang asingeb pepadhang kadosdene nyamping, mbeber langit kados tendha.


Pangeran Yehuwah kang nitahake langit lan bumi, muga mberkahana kowe saka ing Sion.


apadene lebu bali dadi lemah kaya ing sakawit lan roh bali marang ing ngarsaning Allah kang maringake.


Sapa kang naker banyu sagara nganggo epek-epeke sarta ngukur langit nganggo kilanane, naker lebuning bumi nganggo takeran, nimbang gunung-gunung nganggo timbangan, utawa tengger-tengger nganggo traju?


Panjenengane kang lenggah ing dhampar ana ing sadhuwuring bunderan bumi kang pendhudhuke kaya walang; iya Panjenengane iku kang mbeber langit kaya lawon lan masang iku kaya tarub kang dienggoni!


mangkene pangandikane Gusti Allah, Sang Yehuwah, kang nitahake lan njereng langit, kang mbeber bumi dalah kabeh kang thukul ing kono, kang paring ambegan marang umat manungsa kang manggon ing kono sarta kang maringi nyawa marang kang padha urip ing kono:


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Juru Panebusmu, kang mangun kowe wiwit saka ing wetengan: “Ingsun iki Yehuwah, kang nitahake samubarang kabeh, kang njereng langit piyambakan, kang nggelar bumi – sapa kang mbiyantu Ingsun? –


Iya Ingsun iki kang yasa bumi lan kang nitahake manungsa ana ing kono; iya astaningSun iki kang nggelar langit, lan iya Ingsun kang ngereh sakehing balane.


Sabab mangkene pangandikane Sang Yehuwah, kang nitahake langit, – iya Panjenengane iku Gusti Allah – kang karya bumi lan kang yasa sarta kang nyantosakake iku, – apadene anggone nitahake iku ora banjur disuwungake, nanging iku katitahake supaya dienggoni –: “Iya Ingsun iki Yehuwah lan ora ana liyane.


AstaningSun kang uga nalesi bumi, tuwin astaningSun tengen kang njereng langit. Nalika Ingsun nyebut jenenge, banjur padha muncul jumedhul kabeh.


nganti sira lali marang Pangeran Yehuwah kang nitahake sira, kang njereng langit lan nalesi bumi, kok nganti sira sadina-dina tansah gumeter wedi marang bangeting nepsune wong kang nganiaya, kang rumanti arep nyirnakake? Endi ta mulad-mulading nepsune wong kang nganiaya iku?


Amarga Ingsun ora bakal padudon ing salawase, lan ora bakal terus duka, supaya semangate wong aja nganti lemes lesu ana ing ngarsaningSun, mangka iya Ingsun kang nitahake napasing urip.


Sang Yehuwah kang nitahake bumi sarana kakiyatane, kang njejegake bumi sarana kawicaksanane lan mbeber langit kanthi kalimpadane.


He abdiningSun Yakub, sira aja wedi, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, he Israel, sira aja miris! Amarga, lah Ingsun ngluwari sira saka ing panggonan adoh, lan turunira saka ing nagaraning pambuwangan. Yakub bakal mulih lan uripe bakal jenjem lan tentram, ora ana kang ngeget-egeti.


Nanging kabeh kang nguntal sira, bakal kauntal dhewe, lan sakehing satrunira bakal padha lumebu ing tawanan; wong kang ngrayah sira, bakal padha dadi rayahan, lan sakehing wong kang njarah sira bakal padha Sundadekake jarahan.


Sang Prabu Zedhekia nuli supaos dhedhemitan marang Nabi Yeremia, pangandikane: “Demi asmanipun Sang Yehuwah ingkang gesang, ingkang maringi nyawa punika dhateng kula sadaya, sampeyan boten badhe kula pejahi lan boten badhe kula pasrahaken dhateng para tiyang ingkang sami ngarah dhateng nyawa sampeyan punika!”


Nanging Juru-Panebuse iku santosa, asmane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi. Mesthine Panjenengane mbelani prakarane umate, supaya padha oleh katentreman ana ing bumi, nanging ndhatengake pagiris marang para wong kang manggon ing Babil.


Sang Yehuwah kang nitahake bumi sarana pangwasane, kang nalesi jagad klawan kawicaksanane, lan kang mbeber langit klawan limpading galihe.


Para nabimu padha nyaritakake marang kowe wahyu kang cidra lan kothong. Padha ora mratelakake kaluputanmu supaya kowe banjur waras maneh. Wangsit-wangsit kang goroh lan nasarake kang dikandhakake marang kowe.


Lah ta sakehing nyawa iku Ingsun kang ndarbeni! Apa nyawaning bapa apa nyawaning anak iku kagunganingSun! Dene wong kang nglakoni dosa, iku kang kudu mati.


Tanah Mesir bakal dadi sepi mamring, lan tanah Edom dadi pasamunan, awit saka panganiaya kang ditandukane marang bani Yehuda, dene wus ngwutahake getih resik ana ing tanahe.


Lah Ingsun bakal males marang getihe, sapira kang durung Sunwales, Pangeran Yehuwah tetep akedhaton ana ing Sion.”


Wangsit pangandikane Gusti Allah. Ana pangandikane Pangeran Yehuwah tumrap nagara Hadrakh kang kendele ana ing Damsyik. Marga Sang Yehuwah kang kagungan kutha-kutha ing Aram lan sakehe suku Israel,


Wangsiting Pangeran. Pangandikane Sang Yehuwah marang Israel lumantar Nabi Maleakhi.


Nabi Musa lan Imam Harun tumuli padha sumungkem sarta matur: “Dhuh Gusti, Allah ingkang mengku rohipun sawarnining tumitah. Tiyang satunggal ingkang damel dosa, punapa inggih Paduka lajeng badhe maringi bebendu dhateng pasamuwan punika sadaya?”


Sabanjure; saka bapa kita kang sabenere, kita wus kapatrapan, mangka iku padha kita eringi, mendahane maneh manawa kita oraa kudu sumuyud marang Ramane sakabehing roh, supaya kita kepareng urip?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan