9 Ing kono celathuku: “Aku emoh, ngengon kowe maneh, kang arep mati, kareben mati, kang arep ilang, kareben ilang, sarta kang isih kari iku, kareben padha pangan-pinangan daginge.”
Ingsun bakal damel para wong iku padha mangan daginge anak-anake lanang lan wadon, lan saben wong mangan daginge kancane ing sajrone nandhang kasusahan lan karibedan, jalaran saka mungsuh-mungsuhe tuwin para wong kang padha ngarah nyawane.
Samangsa bangsa iki, nabia, imama, pitakon marang sira: Pangandika apa kang diemotake dening Sang Yehuwah? Nuli wangsulana mangkene: Iya kowe iku momotane! Mulane sira bakal Sunbuwang saka ing nagaraningSun, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –.
Lan samangsa iku teka, bakal nggepuk tanah Mesir: Sing marani pati, maranana pati! Sing menyang ing tawanan, menyanga ing tawanan! Sing marani pedhang, maranana pedhang!
Mulane bakal kelakon bapa padha mangan anake dhewe ana ing tengahira, lan uga anak padha mangan bapakne dhewe, sarta Ingsun bakal nandukake paukuman marang sira ana ing satengahira, sarta kabeh kekarenira bakal Sunsebar-sebarake ing sakehing keblat kabeh.
UmatingSun sirna marga ora wanuh marang Allah, amarga sira kang emoh wanuh, mulane sira Suntampik dadi imamingSun, lan sarehne sira iku ngungkurake piwulange Gusti Allahira, mulane Ingsun uga bakal nyingkur marang anak-anakira.
satemah ing sawratane nagara – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – wonge kang rong pratelon bakal padha tumpes mati, mung sapratelon kang kari urip ana ing kono.
Bareng mirsa wit anjir ana ing pinggir dalan, tumuli dipurugi, nanging ora manggih apa-apa ana ing wit iku, kajaba mung godhong thok, banjur dipangandikani: “Aja metu wohmu maneh ing salawas-lawase!” Padha sanalika wit anjir mau dadi garing.
Mulane Aku pitutur marang kowe, yen Kratoning Allah bakal kapundhut saka ing kowe lan bakal diparingake marang sawijining bangsa kang bakal metokake wohe.
Gusti Yesus tumuli ngandika: “Pepadhang iku ana ing kowe mung kari sagebyaran bae. Sasuwene pepadhang iku ana ing kowe, pracayaa marang dheweke, supaya kowe aja nganti kesaput ing pepeteng, sing sapa lumaku ana ing pepeteng, iku ora weruh menyang ngendi parane.
Gusti Yesus tumuli ngandika maneh marang wong akeh: “Aku iki bakal lunga, lan kowe bakal padha nggoleki Aku, nanging bakal padha mati sajroning dosamu. Ing ngendi paranKu, kowe ora padha bisa mrana.”
Mulane Aku mau tutur ing kowe, manawa kowe bakal padha mati sajroning dosamu. Amarga manawa kowe padha ora ngandel yen Aku iki Panjenengane, wus mesthi kowe bakal padha mati ing sajroning dosamu.”
Sing sapa gawe duraka, terusa gawe duraka, sing sapa jember, terusa njemberake awak; lan sing sapa laku bener, terusa laku bener; sing sapa suci, cikben terus nucekake awake!”