Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 11:8 - Kitab Sutji

8 Sajroning sesasi aku numpes pangone telu. Atiku banjur mangkel banget marang wedhus-wedhuse, sarta wedhus-wedhuse iya padha bosen marang aku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 11:8
25 Iomraidhean Croise  

Iya panjenengane iku kang dadi mungsuhe Israel ing salawase sugenge Sang Prabu Suleman lan kang ndhatengake kasangsaran kayadene Sang Hadad. Panjenengane sengit marang wong Israel lan banjur jumeneng ratu ana ing Aram.


Mulane bebenduning Pangeran Yehuwah mulad-mulad marang umate, sarta ewa marang bangsa kagungane piyambak iku,


Amargi Paduka punika Allah ingkang boten remen dhateng duraka, tiyang awon boten badhe manggen wonten ing ngarsa Paduka.


Bani Efraim, prajurit panahan kang sikep gegaman ganep, padha mundur nalika dinane perang.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebuse Israel, Gusti Allahe Kang Mahasuci, marang kang diremehake dening wong, marang kang dianggep njijiki dening para bangsa, marang abdining para kang nyekel pangwasa: “Para ratu bakal nyumurupi pandamelingSun, lan banjur padha ngadeg ngunjukake kurmat, tuwin para panggedhe bakal padha sujud nyembah, marga saka Pangeran Yehuwah kang setya marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, kang wus milih sira.”


Nagara kagunganingSun wus dadi kaya singa ing alas tumrap Ingsun. Dheweke nyenggrang Ingsun, mulane Sunsengiti.


Paduka mugi sampun nampik kawula sadaya, amargi saking asma Paduka, sampun ngantos nyepelekaken kaluhuranipun dhampar Paduka. Mugi ngengetana dhateng prasetyan Paduka kaliyan kawula sadaya, sampun Paduka batalaken!


Wong iku aranana salaka buwangan, amarga Sang Yehuwah wus nampik wong iku!


supaya Ingsun bisa ngrogoh atine turune Israel, kang wus padha ninggal Ingsun kabeh sarana anggone padha ngetut-buri marang sakehing brahalane iku.


Sira iku anake ibunira, kang wus jeleh marang bojone lan anak-anake lanang, sarta sira iku adhine wadon mbakyu-mbakyunira, kang wus bosen marang bojone lan anak-anake lanang. Ibunira iku Heti lan bapakira iku wong Amori.


UmatingSun sirna marga ora wanuh marang Allah, amarga sira kang emoh wanuh, mulane sira Suntampik dadi imamingSun, lan sarehne sira iku ngungkurake piwulange Gusti Allahira, mulane Ingsun uga bakal nyingkur marang anak-anakira.


Amarga wus padha cidra marang Sang Yehuwah, awit wus padha nglairake anak-anak kang ora absah, saiki si pengrusa bakal mangsa wong-wong mau dalah tegale.


Sakehe pialane kelakon ana ing Gilgal; lan ing kana anggoningSun katuwuhan sengit marang wong-wong iku. Marga saka alaning panggawe-panggawene bakal padha Suntundhung saka ing padalemaningSun. Ingsun ora bakal asih maneh marang wong-wong iku; para panggedhene iku pemberontak kabeh.


Apamaneh Ingsun bakal mrenahake Tarub SuciningSun ana ing tengahira, lan panggalihingSun ora bakal kemba mirsani sira.


Punthuk-punthuk pepundhenira bakal Sungempuri, lan sakehe padupanira bakal padha Sunbubrah. Sarta jisimira bakal Sununcalake tumumpang ing bathanging brahalanira, sarta panggalihingSun bakal bosen mirsani sira.


Sanadyana mangkono, samangsa padha ana ing nagarane mungsuhe, iya bakal padha ora Suntampik lan ora Sunemohi, Ingsun ora bakal ndadekake tumpese lan ora bakal mbubrah prasetyaningSun karo wong-wong iku, awit dene Ingsun iki Yehuwah Allahe.


Aku kudu nampani baptis lan sapira gedhene kasusahaning atiKu, sadurunge iku rampung!


Nanging panjenengane iku disengiti ing wong-wong ing nagarane, mulane tumuli padha nusuli kongkonan, padha dikon munjuk: Kawula sami boten trimah, manawi tiyang punika jumeneng ratu, ngereh kawula sadaya.


“Manawa kowe padha disengiti dening jagad, wruhanamu yen Aku wus disengiti sadurunge kowe.


Jagad iku ora bisa sengit marang kowe, nanging Aku disengiti, amarga Aku nekseni yen panggawene jagad iku ala.


Nalika Sang Yehuwah nguningani bab iku, banjur nampik wong-wong mau, marga gerah ing penggalih jalaran saka anak-anake lanang lan wadon.


Nanging wong kagunganingSun kang bener iku uripe marga saka pracaya. Dene manawa mundur, Ingsun bakal ngemohi wong iku.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan