Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 11:5 - Kitab Sutji

5 Wong kang tuku padha nyembeleh, lan ora rumangsa luput, dene kang ngedol padha ngucap: Pinujia Pangeran Yehuwah! Aku wus dadi sugih! Dene para pangone dhewe ora padha welas.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 11:5
27 Iomraidhean Croise  

Ana sawijining wong wadon panunggalane bojone para nabi sesambat marang Nabi Elisa, ature: “Abdi panjenengan, semah kula, sampun tilar donya, mangka panjenengan punika mirsa, bilih abdi panjenengan wau ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah. Nanging sapunika tiyang ingkang nagih sambutan sampun dhateng badhe mendhet anak kula kekalih, badhe kadadosaken rencangipun.”


Pangucapku marang wong-wong mau: “Kula sadaya sasaged-saged tansah mbudidaya nebusi para sadherek kula tiyang Yahudi ingkang sampun sami kasade dhateng tiyang bangsa sanes. Nanging sapunika panjenengan kok malah sami nyade sadherek-sadherek panjenengan, supados sami kula tumbas malih!” Ing kono wong-wong mau padha meneng bae, marga ora bisa mangsuli apa-apa.


Ing nalika samana Israel dadi sesengkerane Sang Yehuwah, minangka woh kawitan saka panenane. Sakehe wong kang mangan mesthi kaluputan, tinempuh ing bilai, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Padha dimangsa dening wong kang padha mrangguli nganti entek; lan para satrune padha ngucap: Aku padha ora luput! Amarga iku wus padha nglakoni dosa marang Sang Yehuwah papaning kabeneran, Sang Yehuwah, kang dadi pangarep-arepe para leluhure!


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun piyambak kang bakal dadi mungsuhe para pangon iku lan Ingsun bakal mundhut baline para wedhusingSun sarta bakal Sunkendeli anggone dadi pangoning wedhusingSun. Pangon-pangon iku ora bakal padha lestari bisa ngengon awake dhewe; Ingsun bakal nguwalake wedhus-wedhusingSun saka ing cangkeme, satemah ora dadi pakane maneh.


sarehne kabeh kang ringkih padha sira sodhog kalawan lambungira lan baunira sarta sira bijig kalawan sungunira, nganti padha sira srudug metu saka ing kandhang.


lan padha kesasar ana ing sakehing gunung lan ing sakehing tengger kang dhuwur-dhuwur, malah ana ing saindenging tanah kono wedhusingSun anggone padha buyar, ora ana wong siji-sijia kang mreduli utawa nggoleki.


Padha kaya Kanaan, kang nyekel traju kang cidra, lan kang seneng memeres,


pangucape Efraim: “Aku rak wus dadi sugih, wus oleh raja-brana. Nanging sakehe wohe kangelanku ora nuwuhake kaluputan kang ateges dosa tumrap aku.”


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Israel telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, awitdene wus padha ngedol wong mursid marga melik dhuwit, lan wong miskin diijolake trumpah sapasang.


“Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan para wong Farisi, heh, wong lamis, awit kowe ngancingi lawange Kratoning Swarga ana ing ngarepe wong, sabab kowe dhewe ora mlebu lan wong kang arep lumebu kokalang-alangi.


“Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sapa kang mlebu ing kandhang wedhus ora metu ing lawang, nanging menek ing tembok, iku maling utawa rampog;


Kowe bakal padha disebratake, malah bakal tumeka ing wektune saben wong kang mateni kowe, padha rumangsa yen saos pangabekti marang Gusti Allah.


Sarta marga saka srakahe, guru-guru palsu iku bakal padha ngudi golek kauntungan saka kowe kabeh kanthi dongeng-dongenge kang ngayawara.


Manis jangan, bumbu-bumbu, lenga wangi lan menyan, anggur lan lenga, glepung alus lan gandum, sapi lan wedhus, jaran lan kreta, apadene malah abdi lan nyawane wong.


Sarehne sira duwe ujar: Aku iki sugih lan aku wus ngudi kasugihan sarta ora kekurangan apa-apa, apa maneh marga sira ora sumurup, yen sira iku mlarat, lan memelas, wuta lan kawudan,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan