sarta Panjenengane bakal dadi kang kadunungan tentrem-rahayu. Samangsa Asyur lumebu ing nagara kita, sarta ngambah ing tanah kita, nuli kita padha ngadegake pangon pitu kang nglawan, malah pemimpin wolu kang asipat manungsa.
Pepanthan wedhus sembelehan iku bakal dakengon, kanggo para pedagang wedhus, sarta aku njupuk teken loro: Kang siji dakjenengake “Kadarman”, sijine: “Talenan”; aku nuli ngengon wedhus-wedhus iku.
Lebaking gunung-gunungingSun bakal ketutupan, sabab lebaking gunung iku bakal notog ing sisihe; nuli sira bakal padha lumayu ngungsi kaya nalika sira ngungsi marga saka lindhu ing jamane Uzia, ratu ing Yehuda. Pangeran Yehuwah Gusti Allahku banjur bakal rawuh kadherekake dening sakehe para suci.
Yerusalem, Yerusalem kang mateni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang kautus nemoni kowe, wis nganti ping pira anggonKu kapengin nglumpukake anak-anakmu, kaya babon anggone nglumpukake kuthuk-kuthuke ing sangisoring suwiwine, nanging kowe padha ora gelem.
Pangandikane Gusti Yesus: “Aja nggepok marang Aku, awit Aku durung sowan ing ngarsane RamaKu, nanging lungaa nemonana para sadulurKu, lan padha kandhanana, manawa Aku arep sowan menyang ing ngarsane RamaKu lan Ramamu ing ngarsane AllahKu lan Allahmu.”
Kang dakkarepake yaiku, manawa awit saka kabenerane Gusti Allah, Sang Kristus wus dadi peladose para wong tetakan, kanggo ngukuhake prasetyane kang wus kaparingake marang para leluhur kita,
Pinujia Gusti Allah lan Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang wus mberkahi kita ana ing Sang Kristus kalawan sarupane berkah kasukman kang ana ing swarga.