Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 11:3 - Kitab Sutji

3 Rungokna, para pangon padha sesambat, marga kang dadi kasenengane wus karusak. Rungokna, singa-singa padha nggero, awit kaendahane bengawan Yarden wus sira.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 11:3
34 Iomraidhean Croise  

Kawula mugi Paduka uwalaken saking pedhang, saha nyawa kawula saking cengkeremaning segawon.


Panggerone kaya singa wadon, padha nggero kaya singa enom; padha gereng-gereng banjur ndekep mangsane, nuli kagondhol mlayu lan ora ana kang nguwalake.


Para wong pepilihaningSun kudu sira tinggali jenengira kanggo sumpah ipat-ipat iki: Pangeran Allah muga karsaa ndadekake kowe kaya wong-wong iki! Nanging para abdiningSun bakal kasebut nganggo jeneng seje,


Singa nom padha nggero marang bangsa iku, kalawan swara kang dumeling, tanahe didadekake cengkar, kutha-kuthane diobongi, ora dienggoni maneh.


Tanpa guna anggoningSun nggebagi anak-anakira, pamerdi ora digape pedhangira dhewe wus mangsa para nabinira nganti entek, kaya singa nom kang nyenyempal.


temah Ingsun bakal ndadekake omah iki kaya Silo, lan kutha iki dadi ipat-ipat tumrap sakehing bangsa ing salumahing bumi.”


Lah, kayadene singa kang jumedhul saka ing alas gegrumbulane bengawan Yarden, marani pasuketan panggonaning pepanthan wedhus, mangkono uga Ingsun bakal ndadekake wong iku dadakan padha lumayu saka ing nagara kono sarta matah ana ing kono sapa kang Sunpiji. Amarga sapa kang kaya Ingsun? Sapa kang wani ndakwa Ingsun? Pangon sing endi kang wani adu arep karo Ingsun?


Lah, kaya singa kang jumedhul metu saka gegrumbulaning alas ing bengawan Yarden, kang nekani ara-ara pangonan pepanthaning wedhus, iya mangkono anggoningSun ndadekake wong-wong padha lumayu dadakan saka ing nagara kono, lan Ingsun nuli netepake wong liyane kang Sunpiji. Amarga sapa kang kaya Ingsun? Sapa kang wani ndakwa marang Ingsun? Apa ana pangon kang tahan ana ing ngarsaningSun?


Aja pracaya marang tembung goroh, kang mangkene: Iki Padalemane Sang Yehuwah, Padalemane Sang Yehuwah, Padalemane Sang Yehuwah,


lan pratelakna mangkene: “Wah, ibunira iku pancen singa wadon ana ing antarane singa-singa! Nglemprak ana ing satengahe singa-singa enom lan nusoni anak-anake.


Para wong saisine Samaria padha gumeter, ing ngatase pedhete Bet-Awen. Lah rakyate bakal sedhih marga saka iku, sarta para imame padha sesambat, marga wus koncatan kamulyane.


He, para imam, padha manganggoa bagor lan sambat-sambata, he, para kang ngladeni misybah, padha ngadhuh-adhuha, he, para abdine Gusti Allahku, padha lumebua, padha nginepa kalawan manganggo bagor, dene padalemane Gusti Allahmu wus koncatan kurban dhaharan lan kurban unjukan.


Apa bumi ora bakal gumeter marga saka kang mangkono iku, nganti saben wong kang manggon ing kono ngrasakake susah? Apa iku kabeh ora bakal munggah kaya bengawan Nil, lan gonjang-ganjing banjur mendhak maneh kayadene bengawan ing tanah Mesir?”


Ing dina iku – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, bakal keprungu gumedering pasambat wiwit saka gapura Iwak lan pangadhuh wiwit ing pakampungan anyar, apadene jugruging tengger-tengger kang nggegirisi.


Ing dina iku sira ora bakal nandhang kawirangan, awit saka sakehe pokalira kang duraka marang Ingsun; marga ing dina iku Ingsun bakal nyingkirake saka ing tengahira wong-wongira kang padha umuk-umukan, sarta sira bakal ora ngluhurake dhiri maneh ana ing gunungingSun kang suci.


Para pangarep ing satengahe iku singa kang nggero; para hakime iku asu ajag ing wayah bengi, kang ora ngengehake apa-apa tumeka esuke.


He wit sanobar, padha sesambata, dene wite eres wus padha rubuh, wit kang ngedab-edabi wus padha karusak. He, wit elon ing Basan, padha ngadhuh-adhuha, dene alase greng wus rata.


Sajroning sesasi aku numpes pangone telu. Atiku banjur mangkel banget marang wedhus-wedhuse, sarta wedhus-wedhuse iya padha bosen marang aku.


Aja kokrewes wong iku, iku wong picak nuntun padha wong picak. Yen wong picak nuntun wong picak, loro-lorone mesthi padha kecemplung ing luwangan.”


Nabi-nabi punika pundi ingkang boten dipun kaniaya dening leluhur sampeyan. Malah sami mejahi tiyang-tiyang ingkang langkung rumiyin memeca bab rawuhipun Sang Sunyata, ingkang sapunika sampun sampeyan cidra lan sampeyan sedani.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan