2 He wit sanobar, padha sesambata, dene wite eres wus padha rubuh, wit kang ngedab-edabi wus padha karusak. He, wit elon ing Basan, padha ngadhuh-adhuha, dene alase greng wus rata.
Iku uga padha melu mudhun bebarengan menyang ing jagading wong mati, yaiku para wong mati kang kena ing pedhang, lan kabeh kang padha manggon ing pangaubane ana ing satengahing bangsa-bangsa kang uga wus mati.
“Bilai para wong kang rumangsa ayem ana ing Sion, lan kang rumangsa tentrem ana ing gununge Samaria; iya para panggedhene bangsa kang utama, kang disebani dening turune Israel.
Rungokna, para pangon padha sesambat, marga kang dadi kasenengane wus karusak. Rungokna, singa-singa padha nggero, awit kaendahane bengawan Yarden wus sira.