Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 11:12 - Kitab Sutji

12 Aku banjur celathu marang wong-wong mau: “Manawa iku kokanggep becik, aku wenehana opahane, lan manawa ora, iya wis.” Tumuli aku ditimbangake dhuwit telung puluh sekel salaka minangka opahku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 11:12
16 Iomraidhean Croise  

Rama Abraham banjur ndhahar ature Efron, sarta Efron dibobotake dhuwit pangajine lemah kaya kang dipratelakake lan dirungu dening wong-wong bani Het mau, patang atus sekel selaka kang laku tumrape dagang.


Kacarita nalika ana sudagar-sudagar Midian liwat, Yusuf dientasake saka ing jero sumur, lan didol marang wong Ismael, payu rong puluh sekel salaka; Yusuf banjur digawa menyang ing tanah Mesir.


Sang Prabu Akhab ngandika marang Nabot: “Kebon anggurira iku caosna marang ingsun, arep sundadekake kebon sayuran, sabab dumunung ing sacedhake kadhatoningsun. Sira bakal sunparingi kebon anggur kang luwih becik tinimbang iku minangka gantine, utawa manawa sira luwih seneng, ingsun bakal maringi dhuwit marang sira, sapira pangajine.”


Awit saking punika panjenengan mugi karsaa paring dhawuh negor wit-wit eres ing redi Libanon, tuwin tiyang kula kajengipun sami mbiyantu para abdi panjenengan, wondene epahipun kangge para abdi panjenengan badhe kula caosaken dhateng panjenengan, sapinten kemawon pamundhut panjenengan, amargi panjenengan uninga, bilih panunggilan kula boten wonten ingkang saged negor wit-witan kadosdene tiyang ing Sidon.”


Sang Prabu karsa nampeni rancangan iku, samono uga wong sapasamuwan kabeh.


Nanging manawa sapi mau nyundhang batur tukon lanang utawa wadon, kang duwe sapi kudu mbayar telung puluh sekel selaka marang bendarane batur mau, lan sapine dibenturana watu nganti mati.


Dadine aku nuku palemahan, kang ana ing Anatot iku saka tangane Hanameel, anake pamanku mau lan nimbang dhuwite pitulas sekel salaka.


Manawa tumrap wong wadon ajenana telung puluh sekel,


Ingsun bakal nyelaki sira kabeh prelu ngasta pangadilan lan jumeneng dadi seksi kang maju nglawan marang para juru tenung lan para wong laku bandrek, sarta marang wong-wong kang nglairake sumpah palsu, tuwin marang wong kang nindhes para buruh opahan, para randha lan bocah lola, apadene kang nundhung wong ngamanca, tanpa duwe rasa wedi marang ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


lan matur: “Kula badhe kaparingan punapa, mangke tiyangipun badhe kula ladosaken dhateng panjenengan.” Banjur diwenehi dhuwit telung puluh sekel salaka.


lan dhuwit mau banjur katukokake palemahaning kundhi, kaya kang dadi dhawuhing Pangeran marang aku.”


Marga saka iku dadi wis kalakon pangandika kang kalantarake dening Nabi Yeremia: “Padha nampani dhuwit telung puluh sekel salaka, yaiku pangajine kang wis katetepake kanggo wong siji, manut patrap ngregani kang wis kaprah ana ing satengahing bangsa Israel,


Nalika Gusti Yesus karo para sakabate padha bujana, Iblis wus ngosikake pangrantam ana ing sajroning atine Yudas Iskariot, anake Simon, arep mitenah Gusti Yesus.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan