Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 11:10 - Kitab Sutji

10 Tekenku kang jeneng “Kadarman” dakjupuk, dakputung, kanggo mbatalake prajanjian kang dakanakake kalawan sakehe para bangsa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 11:10
20 Iomraidhean Croise  

Saka ing Sion, sampurnaning kaendahan, Gusti Allah miyos ngagem kamulyan.


Nanging Paduka piyambak nampik saha nyebrataken, sarta ndhawahaken bebendu Paduka dhumateng ingkang Paduka jebadi,


Kamirahaning Pangeran Allah kawula, mugi ngayomana kawula, saha Paduka mugi karsaa nyantosakaken pandameling tangan kawula sadaya, inggih pandameling tangan kawula sadaya punika mugi kasantosakna.


Paduka mugi sampun nampik kawula sadaya, amargi saking asma Paduka, sampun ngantos nyepelekaken kaluhuranipun dhampar Paduka. Mugi ngengetana dhateng prasetyan Paduka kaliyan kawula sadaya, sampun Paduka batalaken!


Kandhaa marang turune Israel: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Satemen-temene Ingsun bakal najisake papan pasuceningSun, kang dadi kaluhurane pangwasanira, kasenengane mripatira lan nyawanira; sarta anak-anakira lanang lan wadon kang padha sira tinggal iku bakal padha mati dening pedhang.


Sawuse sawidak loro kaping pitung mangsa iku, kang wus jinebadan mau bakal kasingkirake, mangka ora ana kaluputane apa-apa. Kutha lan pasucen bakal kasirnakake dening balaning sawijine ratu kang bakal teka, nanging ratu mau bakal tiwas kabanjiran; sarta maneh ngnati tekan ing wekasaning jaman bakal ana peperangan lan karusakan, cundhuk karo apa kang wus katetepake.


Gusti Allah banjur ngandika: “Iku jenengna: Lo-Ami, awitdene sira kabeh iku dudu umatingSun, lan Ingsun dudu Allahira.”


Pepanthan wedhus sembelehan iku bakal dakengon, kanggo para pedagang wedhus, sarta aku njupuk teken loro: Kang siji dakjenengake “Kadarman”, sijine: “Talenan”; aku nuli ngengon wedhus-wedhus iku.


Anggonira bakal padha nyangga kaluputanira iku lawase nganti patang puluh taun, miturut cacahing dina enggonira padha nelik marang tanah iku, patang puluh dina; sadina dietung setaun, supaya sira padha ngerti rasane, manawa sira Sunsingkur.


Aku pitutur marang kowe: Satemene jinis iki bakal ora sirna sadurunge iku mau kalakon kabeh.


Mulane – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel – lah Ingsun wus paring prajanji: Kulawarganira lan golonganira bakal urip ana ing ngarsaningSun ing salawase, nanging saiki – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah –: prakara iku adoh banget saka Ingsun! Amarga sapa kang ngajeni Ingsun, bakal Sunajeni, nanging sing sapa ngremehake Ingsun bakal inganggep asor.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan