Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 11:1 - Kitab Sutji

1 He Libanon, gapuramu padha wengakna, supaya witira eres padha kamangsaa ing geni.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 11:1
14 Iomraidhean Croise  

He sira kang manggon ana ing gunung Libanon, lan nusuh ana ing wit-wit eres! Saiba bakal pasambatira, samangsa sira nandhang lara, nandhang lara kang rasane kaya wong wadon kang lagi nglarani.


Lah, sira Sunpadhakake kalawan wit eres ing Libanon, kang pange ngrempayak endah-endah lan kang godhonge ngrembuyung; wite dhuwur banget pucuke nganti sundhul langit.


Marga panganiaya kang tumrap gunung Libanon, iku bakal nasabi sira, lan tumpesing kewan-kewan bakal ngagetake sira, marga saka getihing manungsa kang wutah iku lan marga panganiaya marang nagara, kutha lan para wong isine kabeh.


Awitdene sira wus njarah-rayahi suku bangsa akeh, mulane kekarene bangsa-bangsa iku bakal padha genten njarah-rayahi sira, marga saka getihing manungsa kang wus wutah iku lan marga saka panganiaya marang ing nagara, kutha lan sakehe wong kang manggon ing kono.


Padha munggaha ing gunung, njupuka kayu, Padaleman iki kabanguna, temah bakal ndadekake keparenging panggalihingSun, sarta Ingsun bakal ngatingalake kaluhuraningSun ana ing kono, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –.


Bakal Sunulihake saka ing tanah Mesir, lan Sunklempakake saka ing Asyur; bakal Sunbekta menyang ing tanah Gilead sarta ing Libanon, nganti ora cukup panggonane.


He wit sanobar, padha sesambata, dene wite eres wus padha rubuh, wit kang ngedab-edabi wus padha karusak. He, wit elon ing Basan, padha ngadhuh-adhuha, dene alase greng wus rata.


Ing wektu iku para gotrah ing Yehuda padha Sundadekake kaya anglo isi geni ana ing satengahe tumpukan kayu lan kayu obor kang murub ana ing satengahe gedhengan gandum; temahan geni loro-lorone iku nyalad ngiwa nengen marang sakehe bangsa ing sakubenge, nanging Yerusalem lestari ana ing panggonane lawas.


Awitdene bebenduningSun wus ngurubake geni, nganti makantar-kantar tekan ing jagade wong mati kang ngisor dhewe; geni iku mangsa marang bumi dalah pametune, sarta nggosongake dhasare gunung-gunung.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan