ZAKHARIA 10:9 - Kitab Sutji9 Sanadyan wus padha Sunsebar ana ing antarane para bangsa, ewasamono ana ing tanah-tanah kang adoh iku bakal padha eling marang Ingsun; bakal padha urip bebarengan karo anak-anake, lan padha bali mulih. Faic an caibideil |
Mangkono uga ing sawiji-wijining kutha lan dhaerah, ngendi bae kang katekan dhawuh undhang-undhanging Sang Prabu mau, wonge Yahudi padha bungah-bungah lan sukarena, padha nganakake pista lan riyaya; apadene panunggalane bangsa ing nagara kono akeh kang padha manjing Yahudi, amarga padha wedi marang wong Yahudi.
Ana ing tengahing para bangsa, para wong kang oncat saka ing antaranira kang padha katawan mau, bakal padha eling marang Ingsun, yaiku nalika Ingsun wus ngremuk atine kang laku jina, kang wus ngedohi Ingsun lan kang mripate wus ngalih arahe, kang tansah laku jina ngenut marang para brahalane; iku dhewe bakal ngrumangsani nisthaning awake, nyumurupi piala kang katindakake lan nyumurupi sakehing panggawene kang nistha.