Ingsun wus ngicali sakehe dosaning pambalelanira kayadene pedhut kang kabur ing angin, lan sakehe dosanira kaya mendhung kang kanginan. Sira balia marang Ingsun, amarga sira wus Suntebus!
Padha metua saka ing Babil, padha lumayua saka ing Kasdim! Bab iki wartakna lan kabarna kalawan swaraning surak-surak! Iku giyarna nganti tekan ing poncoting bumi! Pratelakna: “Pangerna Yehuwah wus nebus Yakub abdine!”
Panjenengane bakal nglebet-nglebetake gendera marang bangsa kang adoh, lan bakal singsot nimbali wong-wong iku saka ing tapel-watese bumi; iku sanyata enggal bakal teka kalawan rerikatan!
Para tiyang ingkang sami kaluwaran dening Sang Yehuwah sami badhe saged mantuk tuwin lumebet ing Sion kanthi asurak-surak, kalayan linimputan ing sukarena ingkang langgeng; kebak kabingahan lan kagirangan, tinebihan ing kasisahan saha pangresah.
Ing dinten wau badhe kelampahan: Pangeran Yehuwah singsot nimbali laler ingkang wonten sungapaning pangpangipun benawi Nil, saha nimbali tawon ing tanah Asyur.
Punika sadaya badhe dhateng tuwin mencok ing lembah-lembah ingkang sungil saha ing lowah-lowahing redi-redi parang, ing sakathahing pager eri sarta ing sakathahing pangenan.
Kayadene bala ing langit kang tanpa wilangan kehe tuwin kaya wedhining sagara kang ora kena tinaker, iya kaya mangkono uga anggoningSun nangkar-nangkarake tedhak turune Dawud lan para wong Lewi, kang ngladeni Ingsun.”
Nanging ing tembe cacahe tutune Israel iku bakal kaya wedhi ing sagara, kang ora kena ditaker utawa diwilang, minangka gentine wong kang padha kadhawuhan: “Sira iku dudu umatingSun,” bakal kapratelakake marang wong-wong mau: “Para putrane Gusti Allah kang gesang.”
He Yakub, Ingsun mesthi bakal nglumpukake sira kabeh, lan iya mesthi bakal nglumpukake kekarene Israel; Sunklumpukake dadi siji kaya wedhus kang ana ing kandhang, kaya pepanthan ana ing satengahe pangonan, temah kaanan banjur dadi rame dening kehing wong.
Apadene Sang Roh lan panganten putri padha nyebut: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang krungu, iku munjuka: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang ngelak, majua lan sapa kang arep, njupuka banyu panguripan kalawan lelahanan.
Sawuse mangkono aku weruh: lah ana golonganing wong akeh kang cacahe tanpa wilangan, saka sakehing bangsa lan taler tuwin golongan sarta basa, ngadeg ana ing sangarepe dhampar lan ing ngarsane Sang Cempe, padha nganggo jubah putih lan nyekel godhong kurma.