ZAKHARIA 10:6 - Kitab Sutji6 Turune Yehuda bakal Sunsantosakake, lan turune Yusuf Sunluwari; bakal padha Sunulihake, marga padha Sunwelasi; kaanane kaya-kaya ora tau Sunsebratake, awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahe, sarta bakal Sunsembadani sapanyuwune. Faic an caibideil |
Kang sapratelon iku banjur Sunlebokake ing geni, Sunlebur patrape kaya nglebur salaka, Sunbesot patrape kaya mbesot mas; iku bakal padha nyebut asmaningSun lan bakal Sunparingi wangsulan. Ingsun bakal ngandika: Iku umatingSun, sarta iku bakal padha munjuk: Pangeran Yehuwah punika Gusti Allah kawula.”