5 Iku bakal padha kaya pahlawan, kang ngidak-idak mungsuh kaya blethok ing dalan, bakal padha maju perang, marga tinunggil dening Sang Yehuwah lan para prajurit jaranan bakal padha kagawe wirang.
Saiki aku sumurup yen Sang Yehuwah paring kaunggulan marang kang dijebadi, lan paring wangsulan saka ing swargane kang suci kalawan kamenangan kang gumilang dening astane tengen.
Panjenengan dalem punika ingkang bagus piyambak wonten ing antawising sakathahing para anakipun manungsa, lathi dalem kesokan ing kamirahan, pramila panjenengan dalem sampun dipun berkahi dening Gusti Allah ing salami-laminipun.
Iku bakal Sunutus nglawan bangsa kang murtad, tuwin bakal Sundhawuhi nglawan umat lesaning dukaningSun, supaya ngrerampas lan njarah-rayah, sarta supaya ngidak-idak bangsa mau kaya blethok ing lelurung.
Marga astane Pangeran Yehuwah bakal ngayomi gunung iki, nanging Moab bakal kaidak-idak ana ing panggonane dhewe, kayadene dami kang kaidak-idak ing luwang rereged.
Bilai para wong kang lunga menyang ing tanah Mesir njaluk tulung, kang ngandelake marang jaran, kang pracaya marang kretane kang akeh banget, lan marang bala jaranan kang cacahe akeh banget, nanging ora tumenga marng Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, lan ora nggoleki Pangeran Yehuwah.
sira bakal nggoleki wong-wong kang padha nglawan marang sira, nanging ora bakal ketemu; para wong kang merangi sira bakal kayadene ora ana lan tanpa guna.
Ingsun wus ngobahake wong saka ing lor lan iku wus teka, Ingsun wus nimbali wong iku saka ing sisih pletheking srengenge kalawan nyebut jenenge. Kayadene kundhi ngiles-iles lempung, kaya mangkono anggone wong iku bakal ngidak-idak para kang nyekel pangwasa kaya endhut.
Iku sumurupana, he para bangsa lan padha girisa, padha nggatekna, he sakehe wilayahing bumi kang adoh-adoh, padha sabukana, lan padha girisa! padha sakana lan padha girisa!
lan banjur teka saka ing panggonanira saka ing lor kang adoh banget, sira kalawan bangsa akeh kang mbiyantu sira, kabeh padha nunggang jaran, golongan kang gedhe lan wadya-bala kang santosa.
Mungsuhku bakal nyipati iku, satemah bakal nutupi raine kalawan nandhang wirang, kang duwe ujar marang aku: “Ana ing ngendi Pangeran Yehuwah Allahmu?” Mripatku bakal nyawang anggone wong iku kaidak-idak kaya blethok ing lurung.
Ing wektu iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – Ingsun bakal damel bingunge sakehe jaran, lan sakehe wong kang nunggangi padha dadi edan, balik tumrap para turune Yehuda, Ingsun bakal ngelekake paningalingSun, nanging jarane bangsa liya bakal Sundadekake picak.
Ing wektu iku Pangeran Yehuwah bakal ngayomi marang para isine Yerusalem, dalah panunggalane kang kajengklok bakal dadi kaya Sang Prabu Dawud sarta kulawargane Sang Prabu Dawud bakal padha dadi kaya Gusti Allah, kaya Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, kang dadi pangajenge.
Ing wektu iku bakal timbul geger gedhe kang asale saka Pangeran Yehuwah, nganti wong-wong padha candhak-cinandhak lan tempuh-tinempuh ing antarane kanca padha kanca.
Awit Yehuda Sunpenthang minangka gendhewa, lan Suniseni Efraim minangka panahe; apadene, he Sion, anak-anakira bakal Sunobong supaya nglawan para anakira, he Yunani, sarta sira Sundadekake kaya pedhanging pahlawan.
Juru panggodha banjur sowan ing ngarsane sarta munjuk mangkene: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga sela-sela punika Panjenengan sabdakaken dados roti.”
Paring wangsulane: “Lelakon apa ta iku?” Unjuke kang kadangu: “Lelampahanipun Sang Yesus Nasarani, ingkang jumeneng nabi, ingkang kuwaos ing pandamel saha ing pangandika wonten ing ngarsaning Allah sarta wonten ing ngajengipun bangsa kula sadaya.
Nalika samana ana ing sawijining wong Yahudi jenenge Apolos, asale saka ing kutha Aleksandria, teka ing Efesus. Iku wong kang micara lan putus ing Kitab Suci.
“Manawa kowe nglurug perang nglawan mungsuhmu, mangka kowe weruh ana jaran lan kreta, yaiku wadya-bala kang kehe ngungkuli kowe, kowe aja wedi, amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir iku nunggil karo kowe.
nanging Gusti wus ngamping-ampingi aku lan nyantosakake aku, supaya Injil kaundhangake babar pisan lumantar aku lan sakehe wong kang dudu Yahudi padha ngrungokake! Dadine aku luwar saka ing cangkeming singa.
Durung tau ana dina kang kaya mangkono mau, saprana-saprene; dene Sang Yehuwah nganti midhangetake panyuwune manungsa kang kaya mangkono, amarga Sang Yehuwah piyambak kang nyarirani perange wong Israel.
Sakehe ratu iku mau lan nagarane padha ditelukake dening Senapati Yusak ing sajrone salampahan bae, amarga Sang Yehuwah, Gusti Allahe wong Israel kang nyarirani perange Israel.
Aku tumuli weruh malaekat jumeneng ana ing srengenge, sarta nguwuh kalawan swara sora marang sakehe manuk kang mabur ana ing awang-awang, dhawuhe: “Mrenea, padha nglumpuka ing bujanane Gusti Allah, bujana kang gedhe,
Sawenehing abdine ana kang munjuk: “Sajatosipun kawula nate sumerep salah satunggaling anakipun Isai, tiyang Betlehem, ingkang pinter nylempung. Tiyang punika prawira gagah prakosa, satunggaling prajurit, ingkang pinter wicara, warninipun bagus, lan Sang Yehuwah nunggil kaliyan piyambakipun.”