ZAKHARIA 10:4 - Kitab Sutji4 Saka ing turune Yehuda iku bakal muncul watu pojokan, saka turun iku bakal muncul pathoking tarub, saka turun iku bakal muncul gandhewa perang, lan iya saka turun iku bakal jumedhul bebarengan sakehing wong kang nyekel pangwasa. Faic an caibideil |
Lan ing samangke, saweg kemawon kawula sami ngraosaken sih-palimirma paringipun Sang Yehuwah Gusti Allah kawula, ingkang nilari kawula tiyang ingkang sami oncat, saha maringi papan padunungan wonten ing panggenan ingkang suci, satemah mripat kawula sami kadadosaken padhang dening Gusti Allah, sarta kawula sami kaparingan lega sakedhik ing salebetipun pangawulan kawula.
Iku bakal numpes sakehe kreta perang ing Efraim lan sakehe jaran ing Yerusalem, apadene gendhewaning perang bakal disirnakake. Sabanjure Sang Prabu iku bakal martosake bab katentreman marang para bangsa. Wilayah pangwaose iku gumelar wiwit saka ing sagara tekan ing sagara sarta saka ing bengawan Efrat tekan ing poncot-poncoting bumi.