Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 10:3 - Kitab Sutji

3 “BebenduningSun bakal mulad-mulad ing ngatase para pangon, sarta para kepalaning pepanthan wedhus berok bakal padha Sundhawahi piwales, awit Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi nggatosake marang pepanthan wedhus kagungane, yaiku turune Yehuda, padha kadadekake kaya titihaning kamulyane ana ing paperangan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 10:3
28 Iomraidhean Croise  

Sabarang kang nggegirisi digeguyu, sarta ora tau wedi apadene ora gelem mundur manawa arep-arepan karo pedhang.


Bangsa mau banjur ngandel, sarta bareng krungu yen Pangeran Yehuwah wus nuweni marang wong Israel lan wus mirsani ing kasangsarane, temah padha jengkeng sujud.


Jaran dirakiti kanggo ing mangsa perang, nanging kaunggulan iku ana ing astane Pangeran Yehuwah.


– Dhuh kekasihku, kowe sunupamakake jarane wadon kareta titihane Sang Prabu Pringon.


Nanging manawa Pangeran wus ngrampungake sakehing pakaryane ana ing gunung Sion lan ana ing Yerusalem, Panjenengane bakal ngukum pratingkahe raja Asyur kang gumunggung lan watake kang angkuh kumalungkung.


Ing nalika iku Pangeran Yehuwah tumuli bakal ngukum wadya-balaning langit ing langit lan para ratuning bumi ing bumi.


Sanyata, para pangon wus padha tanpa budi, padha ora neges marang pitedahe Sang Yehuwah. Mulane padha ora nemu begja, lan sakehing kewan pepanthane padha pating blesar.


Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi: “Lah, Ingsun bakal ngukum wong-wong iku: para nom-nomane bakal padha mati dening pedhang, anak-anake lanang lan wadon bakal padha mati kaliren.


Nuli sawuse genep pitung puluh taun, Ingsun bakal males raja ing Babil lan bangsa iku, apadene nagarane para wong Kasdim, sarana Sundadekake papan-papan kang cengkar ing salawase, marga saka kaluputane. – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah –.


He para pangon, padha sesambata lan jerit-jerita! He para pangiriding wedhus pepanthan, padha gulunga ana ing lebu! Amarga wus tekan ing titi-mangsane anggonira bakal padha disembeleh lan sira bakal padha tiba kaya wedhus lanang pilihan.


Maune umatingSun kaya wedhus-wedhus kang ketriwal, padha kesasar ditogake bae dening para pangone!, diuja saba ana ing gunung-gunung, padha lumaku saka ing gunung menyang ing tengger, temah lali marang plegungane.


Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun piyambak bakal migatosake marang wedhus-wedhusingSun lan bakal Sunpadosi.


Kaya pangon kang nggoleki wedhuse kang pisah karo pepanthane mangkono anggoningSun bakal ngupadosi wedhus-wedhusingSun lan bakal Sunluwari saka ing sakehing panggonan anggone padha kaulungake nalika dinane mendhung lan peteng.


“He, anaking manungsa, sira medhara wangsit nglawan para pangone Israel, medhara wangsit lan tutura marang wong-wong iku, marang pangon-pangon iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Bilai para pangone Israel, kang ngengon awake dhewe! Kudune rak wedhus-wedhuse kang diengon dening para pangon iku?


Lan wong-wong kang tumindak duraka marang Prajanjian bakal dibujuk-bujuk kadadekake murtad kalawan tembung-tembung pangonggrong; nanging umat kang wanuh marang Allahe bakal tetep kuwat lan lestari lakune.


“Ing dina pista kurbane Pangeran Yehuwah iku Ingsun bakal ngukum para pangarep, lan para anaking ratu sarta sakehe wong kang manganggo sandhangan ngamanca.


Apadene dadi pandumane kekarening turune Yehuda; ana ing kono anggone angon lan ing wayah sore padha ngaso ing omah-omahe Askelon; marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe bakal nggatosake turune Yehuda sarta mulihake kaanane.


Bilai pangoningSun kang goblog, kang ninggal wedhus-wedhuse! Tangane lan mripate kang tengen katempuha ing pedhang! Apusa banget lengene lan mripate kang tengen dadia lamur banget!”


“Pinujia Pangeran, Allahe Israel, sabab wis nuweni umate lan paring pangluwaran.


Dibecik uripmu ana ing satengahe bangsa-bangsa kang dudu bangsa Yahudi supaya manawa padha mitenah marang kowe, kowe diarani durjana, padha nyumurupi panggawemu kang utama sarta ngluhurake Gusti Allah ing dina rawuhe nuweni wong-wong mau.


Naomi nuli mangkat kanthi mantune arep mulih saka ing tanah Moab, amarga ing tanah Moab kono dheweke oleh warta, yen Sang Yehuwah wus nuweni umate kalawan diparingi pangan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan