ZAKHARIA 10:2 - Kitab Sutji2 Sabab apa kang diucapake dening terafim iku ala, lan para juru tenung iku wahyune goroh, dene impen-impen kang dikandhakake iku kothong, tuwin tanpa paedah panglipure. Mulane bangsa iku nglembara kaya pepanthan wedhus, lan nandhang sangsara marga ora ana pangone. Faic an caibideil |
Ing kono Nabi Mikha banjur munjuk: “Kawula sampun ningali tiyang Israel sadaya sami buyar pating slebar wonten ing redi-redi kados menda-menda ingkang boten wonten pangenipun, awit saking punika Pangeran Yehuwah ngandika: Iku ora padha duwe gusti; cikben padha mulih menyang ing omahe dhewe-dhewe kanthi slamet.”
Lah, Ingsun bakal nglawan para nabi, kang medharake impene kang goroh, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah; – lan kang padha ngandhakake iku lan nasarake umatingSun kalawan anggone goroh lan umuk. Ingsun iki ora tau ngutus lan dhawuh marang para wong iku. Wong-wong iku ora ana gunane babar pisan tumrap bangsa iki. – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Demi Ingsun kang gesang, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – ing sarehne wedhus-wedhusingSun nyata-nyata dadi mangsaning sakehe kewan ing alas, marga ora ana pangone, jalaran para pangoningSun ora padha mreduli marang wedhus-wedhusingSun, nanging mung padha ngengon awake dhewe bae, dene wedhus-wedhusingSun ora padha diengon,