Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 10:11 - Kitab Sutji

11 Bakal padha nyabrang ing sagara Mesir, dene Gusti Allah bakal nyabet aluning samodra, satemah sakehe kedhunging bengawan Nil padha dadi asat. Kang diegungake bangsa Asyur bakal kaplorodake, lan tekening kaprabon Mesir bakal ilang.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 10:11
25 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah tumuli ngengeti marang Rama Nuh lan marang sarupane kewan alasan lan kewan ingon-ingon kang padha melu ana ing sajrone prau; sarta Gusti Allah ndhatengake angin ana ing bumi, temah banyune wiwit surud.


Ageme jubah Nabi Elia kang wus tiba mau tumuli dicandhak tuwin disabetake ing banyu kalawan nguwuh: “Endi Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Rama Elia?” Bareng banyune kasabet banjur piyak ngiwa nengen, Elisa banjur nyabrang.


Nabi Elia nuli mundhut ageme jubah, digulung lan disabetake ing banyu, temah piyak ngiwa nengen; kekalihe banjur padha nyabrang lumampah ing gasikan.


Wong mau uga padha mahargya riyaya roti tanpa ragi, suwene pitung dina karo bungah-bungah, amarga Pangeran Yehuwah wus damel bungahe; Panjenengane wus ngengakake panggalihe ratu ing nagara Asyur marang wong-wong mau, temah Sang Prabu banjur paring pambiyantu ing bab anggone nggarap padalemaning Allah, iya iku Gusti Allahe Israel.


Segara weruh banjur lumayu, bengawan Yarden bali mandhuwur,


He segara, kena ngapa dene kowe kok lumayu? He bengawan Yarden, dene kowe bali mandhuwur,


Ingsun bakal mbengkas wong Asyur ana ing nagaraningSun padha Sunidak-idak ana ing gunungingSun; pasangan kang dietrapake ing umatingSun dening wong-wong mau bakal kabuwang mangkono uga momotan kang ditumpangake ing pundhake.”


Ing nalika iku para wong Mesir bakal padha kaya wong wadon; bakal padha gumeter lan kaget marga saka astane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah kang kaagagake marang wong-wong mau.


Manawa sira nyabrang ing banyu, Ingsun bakal nganthi marang sira, utawa ngliwati kali-kali, sira ora bakal keli; manawa sira lumaku liwat ing geni, sira ora bakal geseng, lan urubing geni ora bakal ngobong sira.


Ingsun kang ngandika marang telenging sagara: Dadia asat, Ingsun karsa ngasatake kali-kalinira!


Punapa sanes Paduka ingkang ngasataken seganten, toyaning samodra ageng ingkang ngedab-edabi? ingkang ndadosaken margi seganten ingkang lebet, supados para tiyang ingkang kaluwaran sami saged nyabrang?


Kawula aturi wungu, kawula aturi wungu! Kawula aturi ngagem kakiyatan, dhuh astanipun Pangeran Yehuwah! Mugi karsaa wungu kados ing jaman kina, ing jamanipun para leluhur kala rumiyin! Punapa sanes Paduka ingkang ngremuk Rahab, ingkang nyuduk naga ngantos pejah?


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal ngrisak para brahalane lan ngicali dewa-dewaning Memfis; tuwin ing tanah Mesir bakal ora ana panggedhene maneh sarta Ingsun bakal nuwuhake pagiris ana ing kana.


Pangeran bakal ngagagake astane mangalor, bakal ngrusak Asyur, lan ndadosake Niniwe sepi mamring, garing kaya pasamunan.


Malaekat kang kanem nyuntak bokore menyang ing bengawan Efrat, banjur tumuli asat, temah wus cumawis dalane para ratu kang rawuh saka ing bang wetan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan