Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 10:10 - Kitab Sutji

10 Bakal Sunulihake saka ing tanah Mesir, lan Sunklempakake saka ing Asyur; bakal Sunbekta menyang ing tanah Gilead sarta ing Libanon, nganti ora cukup panggonane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 10:10
16 Iomraidhean Croise  

Kang cilik dhewe bakal dadi golongan kang gedhe, tuwin kang ringkih dhewe bakal dadi bangsa kang santosa; Ingsun, Yehuwah, bakal enggal nindakake iku ing wektu kang wus Suntemtokake.


Amargi makaten pangandikanipun Sang Yehuwah ing ngatasipun brayatipun Sang Nata ing Yehuda: Sira Sunanggep kaya Gilead, lan kaya pucake gunung Libanon! Nanging Ingsun mesthi bakal ndadekake sira dadi ara-ara samun, dadi kutha kang suwung.


Nanging Ingsun bakal ngulihake Israel menyang ing pangonane, supaya nyengguta suket ana ing gunung Karmel lan ing Basan tuwin ana ing pagunungan Efraim lan Gilead.


Wong-wong iku bakal padha manut marang Pangeran Yehuwah, Pangeran bakal nggero kaya singa. Sanyata, Panjenengane bakal nggero, para putra nuli bakal padha sowan saka ing sisih kulon kanthi gumeter,


kaya manuk kang teka saka ing tanah Mesir kalawan gumeter, lan kaya manuk dara saka ing tanah Asyur, sarta bakal padha Sunpapanake ana ing omahe dhewe-dhewe, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Wong-wong Israel kang digawa menyang ing pambuwangan, bakal ngebeki tanahe wong Kanaan nganti tekan Zarfat, sarta wong-wong Yerusalem kang digawa menyang pambuwangan kang ana ing Sefarad, bakal padha ngebeki kutha-kutha ing Tanah Negeb.


Paduka mugi karsaa ngengen umat Paduka klayan teken Paduka, inggih menda kagungan Paduka piyambak, ingkang sami kepencil manggen ing wana, ing satengahing kebon wowohan, mugi sami nyengguta wonten ing Basyan lan ing Gilead, kados nalika ing jaman rumiyin.


Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Lah umatingSun Sunentasake saka ing panggonan pletheking srengenge nganti tumeka ing papan surupe,


sarta bakal Sunulihake mrene, supaya padha manggon ana ing tengahe Yerusalem, apadene bakal padha dadi umatingSun, sarta Ingsun dadi Allahe kalawan kasetyan lan kaadilan.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan