Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 10:1 - Kitab Sutji

1 Padha nyuwuna udan marang Pangeran Yehuwah ing mangsa udan kang wekasan! Pangeran Yehuwah kang karya mendhung kang nggawa udan, lan udan deres bakal kaparingake marang wong-wong sarta tetuwuhan ing ara-ara marang saben wong.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 10:1
31 Iomraidhean Croise  

Nabi Elia, wong Tisbe ing wewengkon tanah Tisbe-Gilead, banjur munjuk marang sang Prabu Akhab: “Demi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, Gusti Allahipun Israel ingkang kawula ladosi, lah badhe boten wonten ebun utawi jawah ing taun-taun punika, kejawi manawi kawula nglairaken tembung kawula.”


Aku diarep-arep kayadene ngenteni tibane udan, tuwin padha ngangapake cangkeme kaya nadhahi udan kiriman.


Paduka ingkang paring pangomben dhateng redi-redi saking ing dalem panggungan Paduka, bumi tuwuk margi saking wohing pakaryan Paduka.


Pangeran ndadekake mendhung mumbul saka ing pungkasaning bumi, nitahake bledheg kang mbarengi udan, angin diwetokake saka ing gedhonge.


Awit saking punika tiyang-tiyang ingkang manggen ing poncot-poncoting bumi sami ajrih dhateng pratandha-pratandha kaelokan Paduka; papan jumedhulipun enjing tuwin sonten, Paduka damel asurak-surak.


Panjenenganipun mugi kadosa jawah ingkang dhumawah ing ara-ara parumputan, sarta kados deresing jawah ingkang nyirami bumi!


Pasuryaning ratu kang sumunar iku njalari urip, lan kabecikane kaya mendhunge udan ing mangsa semi.


Pangeran Yehuwah bakal banjur paring udan marang wiji kang lagi bae koksebar ing pategalanmu, lan kowe bakal mangan roti kang enak lan akeh banget saka ing pametune tanah iki. Ing wektu iku raja-kayamu bakal nyenggut ing ara-ara kang jembar;


Sabab Ingsun bakal ngesokake banyu ing tanah kang ngelak, lan udan deres ing panggonan kang garing. Ingsun bakal ngesokake RohingSun ing sirahe turunira, lan berkahingSun marang anak-putunira.


Bakal Sundamel supaya kathukulan ing rerungkudan, ora dipaprasi lan ora dibabadi, satemah kathukulan piskucing lan suket; Ingsun bakal paring dhawuh marang mendhung, supaya aja nurunake udan marang pakebonan iku.


Samangsa Panjenengane ngedalake swantene, swaraning banyu ing langit gumuruh, Panjenengane ngumbulake mega mendhung saka poncoting bumi, damel kilat binarung udan lan ngwedalake angin saka ing perawatane.


Saking panunggilanipun para dewaning para bangsa, ingkang tanpa gina punika, punapa wonten ingkang saged ndhawahaken jawah? Punapa langit piyambak saged nyukani jawah deres? Rak namung Paduka piyambak, dhuh Sang Yehuwah, Allah kawula, Andel-andel kawula ingkang nindakaken prakawis punika sadaya?


Ing sajroning atine ora padha mosik: Prayogane kita padha wedi marang Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, kang paring udan ing kalamangsane, udan ing wiwitan lan wekasaning mangsa, lan netepake mangsa panen kang mesthi kanggo kita.


Samangsa Panjenengane ngedalake swantene, gumrujug saraning banyu ing langit, Panjenengane nginggahake pedhut lan mega saka ing poncoting bumi, lan damel kilat bareng lan udan sarta ngedalake angin saka ing susuhe.


Ingsun bakal ndadosake wedhus-wedhus iku lan kabeh kang ana ing sakubenge gunungingSun dadi berkah; Ingsun bakal paring udan ing pepancene wektune; iku udan kang nggawa berkah.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing bab iki Ingsun mundhut, supaya turune Israel padha nyuwun marang Ingsun, apa kang dikarepake kang supaya Suntindakake, yaiku ndadekake turune Israel dadi akeh nganti kaya samodra.


Sira padha nyebara kang cundhuk karo kaadilan, ngundhuha kanthi katresnan! Mbukaka tanah anyar, marga wus wancine ngupaya marang Sang Yehuwah, nganti panjenengane rawuh sarta maringi kaadilan kang luber marang sira.


Mulane payo padha tetepungan lan mbudidaya kanthi temen-temen supaya wanuh karo Pangeran Yehuwah, Panjenengane mesthi bakal miyos kaya muncule bangbang wetan; kita bakal dirawuhi patrape kaya udan, kaya udan ing wekasaning mangsa kang nelesi bumi.”


“Lan Ingsun wus ngendheg udan marang sira, telung sasi sadurunge mangsa panen; sarta paring udan ana ing salah sijining kutha, lan kutha sijine ora Sunparingi udan, pategalan kang siji kodanan, tuwin pategalan kang ora kodanan dadi garing.


Apadene kekarene Yakub iku bakal ana ing antarane para suku bangsa, lan ing tengahe para bangsa akeh, kaya singa ana ing antarane sato alas, kaya singa nom ana ing tengahe pepanthan wedhus; menyanga ngendi bae parane, mbanting lan nubruk, lan ora ana kang bisa nguwalake.


Lan ing dina iku kowe ora bakal padha miterang apa-apa marang Aku. Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sabarang kang koksuwun marang Sang Rama, iku bakal kaparingake atas jenengKu.


Aku kang nenandur, Apolos kang nyirami nanging Gusti Allah kang nuwuhake.


Langit kang ana ing sadhuwure sirahmu bakal dadi kaya tembaga lan tanah kang kokambah bakal dadi kaya wesi.


Kang iku para sadulur, padha disabar nganti tumeka rawuhe Gusti! Sajatine wong tani iku nganti-anti marang pametuning bumine kang adi sarta disrantekake, nganti tekane udan ing mangsa rontog lan ing mangsa semi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan