Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 1:8 - Kitab Sutji

8 “Dhek mau bengi aku tampa wahyu: aku ndeleng ana priya nitih jaran abang, jumeneng ana ing antarane wit jambu keling kang ana ing jurang; lan ing burine ana jaran-jaran kang ulese abang, abang nom lan putih.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 1:8
26 Iomraidhean Croise  

Nanging Gusti Allah ngetingali marang Sang Prabu Abimelekh ing sajroning pasupenan lan ngandika: “Lah sira mesthi bakal mati marga saka wong wadon kang sira jupuk iku, sabab iku wus duwe bojo.”


Gusti Allah ngandika marang Rama Israel sajroning wahyu ing wayah bengi, dhawuhe: “Yakub, Yakub!” Unjuke: “Kawula nuwun, kula.”


Ana ing Gibeon iku Sang Yehuwah ngatingal marang Sang Prabu Suleman ing sajroning supena ing wayah bengi. Gusti Allah ngandika: “Nyuwuna apa kang bakal Sunparingake marang sira.”


Ing kono tinemu ana tulisan kang kamot ing angger-angger kang kaparingake dening Gusti Allah lumantar Nabi Musa, yen ing dina riyaya sasi kapitu Israel padha kakarsakake mondhok ing tarub,


sajrone ngrasak-ngrasakake impen-impen ing wayah bengi, ing wektune wong kecandhak ing turu kepati,


Kekasihku iku darbekku lan aku iki kagungane kang ngengen wedhus ana ing satengahing kembang bakung.


– Kekasihku tedhak menyang ing pakebonan, ing bedheng-bedhenging anggi-anggi, ngengen wedhuse ana ing pakebonan lan methiki kembang bakung.


Ingsun bakal nanem wit eres ana ing ara-ara samun, wit sirah, wit jambu keling lan wit jaitun alas; Ingsun bakal damel thukule wit beros ana ing pasamunan sarta wit berangan lan wit cemara ing sandhinge,


Minangka gantine grumbul eri bakal thukul wit beros, tuwin minangka gantine kecubung bakal thukul wit jambu keling; iku bakal kelakon minangka srana kang njalari misuwuring Yehuwah, minangka tandha langgeng kang ora bakal sirna.


Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya, kang lenggah ing dhampar ing salawase lan kang asma Kang Mahasuci: “Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan suci nanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor, prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asor sarta nguripake atine para wong kang rempu.


Wasana bab kang winadi mau banjur kebuka marang Dhaniel ing sajroning wahyu ing wayah bengi. Dhaniel nuli ngluhurake marang Gusti Allahe saindenging langit.


Ing sajroning wahyu ing bengi iku aku terus bae anggonku ndeleng; banjur ana kang rawuh nitih mega saka ing langit, kaya Putraning Manungsa, kang nuli sowan marang ing ngarsane Kang sepuh ing Yuswa mau lan iya banjur kairid sowan ing Panjenengane,


Pangandikane Sang Dhaniel mangkene: “Ing nalika bengi aku tampa wahyu, angin papat ing langit katon ngocakake sagara gedhe,


Priya kang ngadeg ana ing antarane wit jambu keling iku banjur wiwit guneman, celathune: Iki kabeh wong kang padha kautus dening Pangeran Yehuwah ndlajahi bumi.


Wong-wong mau banjur padha matur marang Sang Malaekating Yehuwah kang jumeneng ana ing antarane wit jambu keling, mangkene: Kawula sampun sami ndlajahi dhateng bumi, lah salumahing bumi katingal ayem lan tentrem.


Ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, pinuju sasi kang kaping sawelas, iya sasi Syebat, tanggal kaping patlikur, ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Zakharia bin Berekhya bin Idho, mangkene:


“He pedhang! Sira nempuha abdiningSun juru pangon, wong kang raket banget kalawan Ingsun!” Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. “Juru pangon iku patenana, temahan wedhuse banjur padha buyar, sarta Ingsun bakal ngagem astaningSun Sunagem nglawan marang kang ringkih,


Panjenengane nuli ngandika: “Samengko sira padha ngrungokna pangandikaningSun iki: Manawa ing satengahira ana nabi, anggoningSun ngatingal marang wong iku sarana wahyu, lan anggoningSun maringi pangandika sarana impen:


Nalika Sang Senapati Yusak ana ing sacedhake nagara Yerikho, bareng pinuju mirsan-mirsani, katon ana priya jumeneng ing ngarsane, ngasta pedhang ligan, tumuli dipurugi Sang Yusak kalawan pitaken: “Panjenengan punika kanca punapa mengsah?”


“Sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Efesus: Iki pangandikane kang ngasta lintang pepitu ing astane tengen lan kang mlampah-mlampah ing antarane padamaran mas pepitu iku.


Tumuli aku ndeleng: Lah, ana jaran putih, kang nunggang nyekel panah lan nganggo makutha ganjaran. Wong mau banjur maju kaya kang wus unggul banjur ngrebut kaunggulan maneh.


Tumuli ana jaran liyane maju, ulese abang mbranang sarta kang nunggang kaparingan panguwasa ngilangi tentrem-rahayu saka ing bumi, supaya wong padha paten-pinatenan, lan uga kaparingan pedhang gedhe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan