ZAKHARIA 1:7 - Kitab Sutji7 Ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, pinuju sasi kang kaping sawelas, iya sasi Syebat, tanggal kaping patlikur, ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Zakharia bin Berekhya bin Idho, mangkene: Faic an caibideil |
Nanging sakehe pangandika lan putusaningSun kang wus Sundhawuhake marang abdiningSun para nabi, iku rak wus tumeka ing para leluhurira? Wong-wong iku nuli padha mratobat sarta duwe pangucap mangkene: Kaya kang wus dadi karsane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi anggone nanduki marang aku, miturut laku lan pokalku, iya kaya mangkono Panjenengane anggone nanduki marang kita!”