ZAKHARIA 1:6 - Kitab Sutji6 Nanging sakehe pangandika lan putusaningSun kang wus Sundhawuhake marang abdiningSun para nabi, iku rak wus tumeka ing para leluhurira? Wong-wong iku nuli padha mratobat sarta duwe pangucap mangkene: Kaya kang wus dadi karsane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi anggone nanduki marang aku, miturut laku lan pokalku, iya kaya mangkono Panjenengane anggone nanduki marang kita!” Faic an caibideil |
Namung kemawon mugi panjenengan uningani sayektos, bilih panjenengan mejahi kula punika, ateges panjenengan ngwutahaken rahipun tiyang ingkang resik, punika tumempuh dhateng panjenengan, saha dhateng kitha punika dalah ingkang manggen ing kitha punika, amargi Sang Yehuwah sayektos ngutus kula dhateng panjenengan ndumugekaken sadaya pangandika punika.”
“Maranana Ebed-Melekh, wong Etiopia iku lan kandhanana: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sanyata, pangandikaningSun tumrap kutha iki bakal Sunleksanani murih cilakane lan ora murih raharjane, lan iku kabeh bakal kelakon ana ing ngarepira ing wektu iku uga.
Mung ana sawatara kang bisa oncat saka ing pedhang – cacahe mung sethithik – kang bakal bali mulih saka Mesir menyang tanah Yehuda. Dene sakehing kekarene wong Yehuda kang wus menyang ing tanah Mesir sumedya manggon ana ing kono dadi wong neneka bakal nyumurupi tembunge sapa kang kelakon: pangandikaningSun apa kandhane wong-wong iku.
Mulane pangandikane Sang Yehuwah, Allahing kang sarwa dumadi mangkene: “Sarehne padha ngucap mangkono, mulane bakal kelakon mangkene tumrap wong iki: Lah Ingsun bakal ndadosake pangandikaningSun dadi geni ana ing cangkemira, lan bangsa iki dadi kayubong, dene geni bakal ngobong dheweke nganti entek.