Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 1:5 - Kitab Sutji

5 Para leluhurira iku padha ana ing ngendi? Lan para nabi iku apa padha urip ing salawase?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 1:5
16 Iomraidhean Croise  

Nalika Nabi Elisa nandhang gerah kang njalari ing sedane, Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, rawuh martuwi lan banjur muwun ana ing ngarsane, pangandikane: “Dhuh rama kula, rama kula! Kretanipun Israel tuwin balanipun kekapalan!”


Sawuse mangkono Nabi Elisa nuli seda, lan banjur kasarekake. Anadene ing saben pletheking taun kerep ana grombolan wong Moab kang lumebu ing nagara.


Laminipun gesang kawula sadaya punika pitung dasa taun, dene manawi kawula sami kiyat, wolung dasa taun, saha ingkang dipun gung-gungaken punika anggenipun nandhang rekaos lan sangsara, amargi lampahipun rikat sanget saha kawula sami kabur sirna.


Turun kang siji sirna, turun sijine teka, nanging bumi iki tetep ana.


wong-wong uga padha dadi wedi marang unggah-unggahan; lan ing dedalan ana kang memedeni, wit saked akembang, walange lakune ngrekasa kalawan nyeret awake, tuwin kekarepan mangan ora kena kagugah maneh – amarga manungsa lunga menyang ing omahe kang langgeng, apadene para juru nangis padha kluyuran ana ing dedalan,


apadene lebu bali dadi lemah kaya ing sakawit lan roh bali marang ing ngarsaning Allah kang maringake.


“Njupuka gulungan liyane tulisana sakehing pangandika, kang ana ing gulungan kang dhisik lan kang wus diobong dening Yoyakim, ratu ing Yehuda kae.


Para leluhur kawula ingkang sami damel dosa sampun boten wonten, kawula ingkang katempah ing durakanipun.


Pangucape wong-wong Yahudi: “Saiki aku padha weruh yen Kowe iku kranjingan dhemit. Rama Abraham seda para nabi mangkono uga, mangka Kowe iku kok duwe pangucap: Sapa wong kang netepi ing pituturKu, bakal ora ngalami pati ing salawas-lawase.


Awit Sang Prabu Dawud nglampahi karsaning Allah nalika ing jamanipun, lajeng seda saha kasarekaken nunggil kaliyan para leluhuripun, punapadene pancen kaulungaken dhateng ing karisakan.


Sarta padha kayadene manungsa katetepake mati mung sapisan bae, lan sawise iku diadili,


Kacarita Nabi Samuel seda; sakehe wong Israel padha nglumpuk nangisi lan metak panjenengane ana ing daleme ing Rama. Lan Sang Dawud nuli tata-tata sarta banjur bidhal menyang ing ara-ara samun ing Paran.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan