Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 1:4 - Kitab Sutji

4 Sira aja padha kaya para leluhurira, kang wus padha dipituturi dening para nabi ing maune mangkene: Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Sira padha ngundurana lakunira kang ala lan pokalira kang duraka! Nanging padha ora gelem ngrungokake sarta padha ora mreduli marang Ingsun. – Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. –

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 1:4
55 Iomraidhean Croise  

Para utusan tumuli padha mangkat rerikatan menyang ing saindenging tanah Israel lan Yehuda kalawan nggawa layang saka Sang Prabu lan para panggedhe sarta padha mratelakake miturut dhawuhe Sang Prabu mangkene: “He, wong Israel, padha balia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Eyang Abraham, Iskak lan Israel, Panjenengane mesthi iya banjur bakal wangsul marang panunggalanmu kang isih kari, yaiku kang padha bisa oncat saka ing astane para ratu ing Asyur.


Aja padha tumindak kaya para leluhurmu lan para sadulurmu kang padha ora setya maneh marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, satemah banjur ngalami rusak nggegirisi kaya kang wus padha kokdeleng dhewe iku.


“Padha mangkata, ingsun padha suwunna pitedah marang Pangeran Yehuwah, kanggo para kang isih kari ana ing Yehuda, bab sabdaning kitab kang katemu iki, sabab bebenduning Pangeran Yehuwah nggegirisi banget kang kaesokake marang kita, amarga para leluhur kita padha ora netepi pangandikaning Sang Yehuwah kalawan nindakake trep kaya kang tinulis ing kitab iki!”


Wiwit nalika jamanipun para leluhur kawula ngantos dumugi ing dinten punika kalepatan kawula ageng, lan jalaran saking dosa kawula, kawula sadaya, para ratu kawula tuwin para imam kawula sami kaulungaken dhateng para ratu ing tanah ngamanca, dhateng pangwaosing pedhang, dhateng pambucalan saha sami kajarah rayah tuwin sami karemehaken wonten ing ngajenging tiyang kathah, kadosdene ingkang kelampahan ing dinten punika.


Nanging tiyang-tiyang wau, inggih punika para leluhur kawula, sami tumindak gumunggung saha sami ngakenaken githokipun sarta boten mituhu dhateng pepaken-pepaken Paduka.


Ewadene sami wangkot sarta mbalela dhumateng Paduka. Angger-angger Paduka dipun singkur lan para nabi Paduka, ingkang ngengetaken supados wangsul mratobat dhumateng Paduka, sami dipun pejahi. Sami nindakaken kanisthan ingkang ageng.


Suprandene Paduka karsa nglajengaken anggen Paduka tumindak sabar ngantos pinten-pinten taun laminipun. Sarana Roh Paduka Paduka ngengetaken, inggih punika lumantar para nabi, nanging sami boten nggatosaken, temah Paduka ulungaken dhateng ing tanganipun bangsa-bangsa ing sakathahing nagari.


apadene aja padha kaya para leluhure, kang padha wangkot lan mbalela, jenis kang ora antepan tuwin kang nyawane ora setya marang Gusti Allah.


He wong Israel, padha mratobata marang Panjenengane, kang wus koktinggal nganti adoh!


Mulane sira ndhawuhana marang bangsa Yehuda lan wong isine kutha Yerusalem: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah Ingsun iki lagi nyepakake bilai tumrap sira lan nggalih pangrantam nglawan marang sira. Becike sira padha mratobata kabeh, ninggala solah-tingkahira kang ala, sarta becikna lakunira lan panggawenira!


Saupama padha nunggoni anggoningSun pirembagan, mesthi padha nglairake pangandikaningSun marang para umatingSun, lan padha ngajak bali umatingSun saka ing tindak-tanduke kang ala tuwin panggawene kang dursila.


Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi: Sarehne sira ora ngrungokake pangandikaningSun,


lan ora gelem ngrungokake tembunge para abdiningSun, para nabi, kang tansah Sunutus marani sira, – nanging sira lumuh ngrungokake –


Sira lungaa mangalor lan nguwuh-uwuha mangkene: He Israel, wong wadon kang murtad, muliha! – mangkono pangandikane Sang Yehuwah. – WedananingSun ora bakal rengu marang sira, amarga Ingsun iki ambek sihmirma – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, ora bakal mbendoni ing salawase.


He bocah-bocah kang padha murtad, muliha, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – amarga Ingsun iku gustinira! Ingsun bakal mundhut sira saka angger kutha wong siji, saka saben kulawarga wong loro lan bakal ngirid sira menyang ing Sion.


Ingsun wus ngutus marani sira sakehe abdiningSun, yaiku para nabi, tanpa kendhat anggone mituturi: Padha mratobata saka tindak-tandukira kang ala, panggawenira owahana supaya becik, aja ngetutwuri allah liyane lan aja sujud nyembah marang iku, temah sira bakal tetep manggon ana ing tanah kang Sunparingake marang sira lan leluhurira. Nanging sira padha suthik nggatekake lan ngestokake marang Ingsun.


Pangandikane Sang Yehuwah: “He Israel! Manawa sira gelem bali, sira balia marang Ingsun, lan manawa sira gelem ngedohake para dewanira kang najisake, sira ora susah sumingkir saka ing ngarsaningSun.


“Menggah punapa ingkang panjenengan ngandikakaken atas asmanipun Gusti Allah punika, kula boten badhe mirengaken dhateng panjenengan,


Awit saka iku sira tutura marang turune Israel mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Padha mratobata lan padha ngungkurna brahala-brahalanira lan ninggala sakehing panggawenira kang nistha,


DhawuhingSun marang para anake ana ing ara-ara samun mangkene: Lakunira aja padha manut marang ing katetepane bapakira lan aja padha nggondheli marang pranatane sarta aja padha najisake awakira kalawan para brahalane.


Sira tutura marang wong-wong iku: Demi Ingsun kang gesang, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Ingsun ora ngarsakake patine wong duraka, nanging Ingsun ngarsakake pamratobate wong duraka supaya urip. Padha mratobata, padha sumingkira saka ing lakunira kang ala iku! Yagene sira bakal padha mati, he para turune Israel?


manawa ana wong kang pancen krungu swaraning slompret iku, nanging emoh dielingake, satekane pedhang mau, dheweke mesthi kasirnakake sarta getihe tumempuh marang awake dhewe.


kawula sami boten mbangun miturut dhumateng para abdi Paduka, para nabi ingkang sampun sami nglairaken pangandika atas asma Paduka dhateng para ratu kawula, para pangageng kawula, para leluhur kawula tuwin dhateng sabangsa ing nagari sadaya.


Samaria kudu tampa paukuman, marga mbalela marang Allahe. Bakal padha tiwas dening pedhang, bayi-bayine bakal padha karemuk, wonge wadon kang meteng bakal padha kabedhelan.


Nanging kaadilan iku gumlindhinga kaya banyu, lan kabeneran kaya kali kang tansah mili.”


“Aja medhar wangsit,” mangkono celathune, “wong ora nglairake wangsit kang kaya mangkono iku! Kita ora bakal oleh panajad.”


Mulane sira kandhaa marang wong-wong iku: Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Sira padha mratobata marang Ingsun, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustining sarwa dumadi, – Ingsun banjur bakal mbaleni sira. – Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi –.


Iki rak pangandika kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah lumantar para nabi kang dhisik, nalika Yerusalem dalah kutha-kutha ing saubenge isih dienggoni lan isih santosa, mangkono uga Tanah Negeb lan Dhaerah Pagunungan iya isih dienggoni.”


Nanging ing sakawit kawula martosaken dhateng tiyang-tiyang Yahudi ing Dhamsyik, ing Yerusalem saha ing tanah Yudea sadaya, tuwin ugi dhateng bangsa-bangsa sanes, bilih kedah sami mratobat lan ngabekti dhumateng Gusti Allah punapadene lajeng nglampahi pandamel-pandamel ingkang laras kaliyan pamratobat wau.


Awit saking punika sami kula aturi enget saha sami mratobata, supados dosa panjenengan kaapunten,


Sabab kowe padha sumurup, yen anggonmu katebus saka kalakuanmu kang tanpa guna, kang kokwarisi saka para leluhurmu, iku ora srana barang kang bisa rusak, uga ora kalawan salaka utawa emas,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan