Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 1:3 - Kitab Sutji

3 Mulane sira kandhaa marang wong-wong iku: Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Sira padha mratobata marang Ingsun, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustining sarwa dumadi, – Ingsun banjur bakal mbaleni sira. – Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi –.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 1:3
33 Iomraidhean Croise  

banjur seba marang ing ngarsane Sang Prabu Asa sarta munjuk marang panjenengane: “Kawula aturi miyarsakaken dhumateng kawula, dhuh Sang Prabu Asa tuwin Yehuda saha Benyamin sadaya! Pangeran Yehuwah badhe nganthi dhumateng paduka sadaya uger paduka sami ndherek ing Panjenenganipun. Manawi paduka sami ngupadosi Panjenenganipun, Panjenenganipun rena, samangsa paduka sowani. Nanging manawi paduka sami nyingkur dhateng Panjenenganipun, badhe tinilar ing Panjenenganipun.


Nanging ing salebeting karupekan sami mratobat dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel. Sami ngupadosi Panjenenganipun, Panjenenganipun inggih rena dipun sowani.


Nanging manawi sampun angsal katentreman, tumunten sami nglampahi piawon malih wonten ing ngarsa Paduka. Lajeng Paduka ulungaken dhateng ing tanganing mengsahipun, saha dipun jajah. Bilih sami sesambat malih dhumateng Paduka, Paduka inggih miyarsakaken malih saking langit, sami Paduka entasaken marambah-rambah, margi saking agenging sihpalimirma Paduka.


Manawa kowe mratobat marang Kang Mahakuwasa lan ngesorake dhiri; manawa kowe ngedohake piala saka ing tarubmu,


He wong Israel, padha mratobata marang Panjenengane, kang wus koktinggal nganti adoh!


Ingsun wus ngicali sakehe dosaning pambalelanira kayadene pedhut kang kabur ing angin, lan sakehe dosanira kaya mendhung kang kanginan. Sira balia marang Ingsun, amarga sira wus Suntebus!


Nanging sawuse Sunbethot, bakal Suntresnani maneh, Ingsun bakal ngulihake siji-sijine menyang ing tanah pusakane lan nagarane dhewe-dhewe.


Pangandikane para nabi mau mangkene: Padha mratobata saka polah-tingkah lan pokal gawemu, kang ala; kowe bakal padha tetep manggon ana ing tanah kang diparingake dening Sang Yehuwah marang kowe lan para leluhurmu ing salawas-lawase.


Pangandikane: “Manawa ana wong megat rabine, wong wadon mau banjur lunga ninggal dheweke lan dadi rabine wong liya, apa iya bojone kang dhisik mau mbaleni wong wadon iku? Nagara iku rak wus tetep najis? Sira wus laku jina karo bedhangan akeh lan nedya ngulihi Ingsun? – mangkono pangandikane Sang Yehuwah. –


He bocah-bocah kang murtad, padha balia, Ingsun bakal marekake pamurtadira.” “Lah punika kawula, kawula sami sowan ing ngarsa Paduka, amargi Paduka punika Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula.


Ingsun wus ngutus marani sira sakehe abdiningSun, yaiku para nabi, tanpa kendhat anggone mituturi: Padha mratobata saka tindak-tandukira kang ala, panggawenira owahana supaya becik, aja ngetutwuri allah liyane lan aja sujud nyembah marang iku, temah sira bakal tetep manggon ana ing tanah kang Sunparingake marang sira lan leluhurira. Nanging sira padha suthik nggatekake lan ngestokake marang Ingsun.


Pangandikane Sang Yehuwah: “He Israel! Manawa sira gelem bali, sira balia marang Ingsun, lan manawa sira gelem ngedohake para dewanira kang najisake, sira ora susah sumingkir saka ing ngarsaningSun.


Ewasamono sira padha celathu: Yagene anak kok ora melu nanggung kaluputane bapakne? – Amarga anak iku nglakoni kaadilan lan kabeneran; nindakake sakehing katetepaningSun kalawan setya, mulane mesthi urip.


Padha mbuwanga sakehing duraka kang padha sira tandukake marang Ingsun lan atinira sarta rohira padha sira anyarna! Yagene sira bakal padha mati, he turune Israel?


Amarga Ingsun ora rena, manawa wong kudu nanggung patine. – Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. – Mulane padha mratobata, supaya sira urip!”


Sira tutura marang wong-wong iku: Demi Ingsun kang gesang, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Ingsun ora ngarsakake patine wong duraka, nanging Ingsun ngarsakake pamratobate wong duraka supaya urip. Padha mratobata, padha sumingkira saka ing lakunira kang ala iku! Yagene sira bakal padha mati, he para turune Israel?


Samaria kudu tampa paukuman, marga mbalela marang Allahe. Bakal padha tiwas dening pedhang, bayi-bayine bakal padha karemuk, wonge wadon kang meteng bakal padha kabedhelan.


Asyur boten badhe saged mitulungi kawula sadaya; kawula boten badhe numpak kapal, saha kawula boten badhe wicanten malih: Dhuh Allah kawula! dhateng dedamelaning tangan kawula, margi Paduka ngasihi lare lola.”


“Payo padha bali mratobat marang Pangeran Yehuwah, awitdene Sang Yehuwah kang nyempal-nyempal, lan kang bakal marasake kita; Panjenengane kang nggebagi kita, lan iya kang bakal mblebed kita uga.


Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Nanging saiki uga, padha mratobata marang Ingsun kalawan gumolonging atinira, kalawan puwasa, lan nangis sarta sambat-sambat.”


Wiwit jamane para leluhurira sira wus padha nyimpang saka pranataningSun lan iku ora sira tetepi. Padha balia marang Ingsun, dadi Ingsun iya bakal mangsuli sira, – mangkono dhawuhe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi – nanging sira padha munjuk: “Anggen kawula sami wangsul kadospundi patrapipun?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan