Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 1:21 - Kitab Sutji

21 Aku banjur matur pitakon: “Tiyang-tiyang punika dhatengipun badhe nindakaken punapa?” Paring wangsulane malaekat marang aku mangkene: “Iku uga sungu kang wus padha mbuyarake Yehuda, nganti ora ana wong siji-sijia kang wani ndengengek. Anadene tekane iku arep gawe kagete wong-wong iku, yaiku mbanting sungune para bangsa kang wus padha masang sungune marang tanah Yehuda arep dibuyarake.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 1:21
6 Iomraidhean Croise  

Nanging aku bakal surak-surak ing salawas-lawase, Gusti Allahe Rama Yakub bakal dakpuji kalawan masmur.


Dhuh Allah, Paduka mugi sampun kendel mugi karsaa ngandika, saha sampun nganggur, dhuh Allah!


Pangeran Yehuwah wus nindakake apa kang karancang, wus netepi apa kang dadi pangandikane, kang diundhangake wiwit dhek jaman biyen, wus nggempur tanpa pangeman, mungsuh didadekake seneng ing ngatase kowe, sungune satru-satrumu wus didhuwurake.


Aku banjur krungu priya kang ngagem pangageman lena kang ana ing sadhuwuring banyune kali iku anggone supaos demi Panjenengane kang gesang langgeng, kambi ngangkat astane kang tengen lan kang kiwa marang ing langit: “Iku lawase samangsa, rong mangsa lan satengah mangsa; lan manawa wus sirna pangwasane juru pangrusaking bangsa kang suci iku, bab iku kabeh bakal rampung!”


aku banjur matur pitakon marang malaekat kang ngandikan karo aku, mangkene: “Punika tegesipun punapa?” Paring wangsulane: “Sungu-sungu iku kang wus mbuyarake Yehuda, Israel, sarta Yerusalem.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan