Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 1:19 - Kitab Sutji

19 aku banjur matur pitakon marang malaekat kang ngandikan karo aku, mangkene: “Punika tegesipun punapa?” Paring wangsulane: “Sungu-sungu iku kang wus mbuyarake Yehuda, Israel, sarta Yerusalem.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 1:19
20 Iomraidhean Croise  

Zedekia bin Kenaana gawe rerekan sungu wesi lan banjur munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Kalawan sungu iki sira bakal nyundhangi Aram nganti padha sirna kabeh.”


Bareng satrune wong Yehuda lan Benyamin padha krungu, yen wong kang mulih saka ing pambuwangan iku padha mbangun padaleman suci kagem Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel,


Ing kono bangsa kang manggon ing kono mau nuli padha gawe kendhoning krekate para wong Yehuda lan padha njalari wedi mbangun.


Lan nalika jumenenge Prabu Artahsasta, Bislam, Mitredat lan Tabeel karo para kanthine liyane banjur padha nulis layang konjuk marang Sang Prabu Artahsasta, ratu ing Persia. Layange mau katulis mawa basa Aram kanthi kajarwakake:


Nanging ing nalika samana Sang Tatnai, bupati ing sabrang kulone bengawan Efrat, ngrawuhi bebarengan karo Sang Syetar-Boznai lan kanca-kancane, lan mangkene pangandikane marang para wong mau: “Sapa kang maringi prentah marang kowe mbangun padaleman iki sarta ngrampungake balowarti iki?”


Bumi lan sakehing wong saisine padha lebur; Ingsun, iya Ingsun piyambak kang njejegake cagak-cagake.” (Selah)


Ingsun ngandika marang para wong gumunggung: “Sira aja padha gumunggung.” Sarta marang para wong duraka: “Sira aja padha masang sungu!


Sungu kekuwataning Moab wus putung, sarta bau panguwasane wus pepes! Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Aku banjur krungu priya kang ngagem pangageman lena kang ana ing sadhuwuring banyune kali iku anggone supaos demi Panjenengane kang gesang langgeng, kambi ngangkat astane kang tengen lan kang kiwa marang ing langit: “Iku lawase samangsa, rong mangsa lan satengah mangsa; lan manawa wus sirna pangwasane juru pangrusaking bangsa kang suci iku, bab iku kabeh bakal rampung!”


Aku banjur nyedhaki salah sawijining wong, panunggalane kang padha ngadeg ing kana lan aku nyuwun katrangan bab iku mau kabeh. Aku nuli dipangandikani lan diparingi sumurup bab tegese.


He sira, kang padha bungah-bungah marga saka Lodhabar, sarta kang padha ngucap: “Apa dudu kita kang ngrebut Karnaim kalawan karosan kita?”


Pangagenging wadya-bala ingkang ngamuk Paduka dhawahi panahipun piyambak, kangge mbuyaraken kawula kalayan asurak-surak kados-kados sami nguntal tiyang ingkang katindhes kalayan sidheman.


Aku tumuli tumenga lan ndeleng, lah ana sungu papat,


Aku banjur matur pitakon: “Tiyang-tiyang punika dhatengipun badhe nindakaken punapa?” Paring wangsulane malaekat marang aku mangkene: “Iku uga sungu kang wus padha mbuyarake Yehuda, nganti ora ana wong siji-sijia kang wani ndengengek. Anadene tekane iku arep gawe kagete wong-wong iku, yaiku mbanting sungune para bangsa kang wus padha masang sungune marang tanah Yehuda arep dibuyarake.”


Aku banjur matur: Dhuh bendara, punapa tegesipun sadaya punika? Malaekat kang mangandikani aku tumuli paring wangsulan mangkene: Aku bakal nuduhake apa tegese kabeh iku mau.


Aku banjur matur pitakon: “Panjenengan tindak dhateng pundi?” Paring wangsulane: “Arep ngukur Yerusalem, kepengin weruh pira ambane lan pira dawane.”


Awitdene pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: “Yen ing biyen nalika para leluhurira padha memungu bebenduningSun, Ingsun banjur kagungan karsa arep ndhatengake bilai marang sira kabeh lan Ingsun ora keduwung – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi –


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan