Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 1:17 - Kitab Sutji

17 Kajaba saka iku sira ngundhangna iki: Pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa dumadi mangkene: Kutha-kuthaningSun bakal padha pulih luber ing kautaman, sarta Sang Yehuwah bakal maringi panglipur marang Sion lan Yerusalem bakal kapilih maneh.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 1:17
33 Iomraidhean Croise  

Nanging wekasane Ingsun milih Yerusalem minangka papaning padalemane asmaningSun sarta milih Dawud supaya ngwasani umatingSun Israel.


Saluwihe para wong Israel kang lumrah lan para imam sarta para wong Lewi padha manggon ana ing sakehe kutha ing tanah Yehuda ing tanah pusakane dhewe-dhewe.


Iki pratelane bab para penggedhening propinsi Yehuda kang dedalem ana ing Yerusalem, dene ing kutha-kutha ing tanah Yehuda wong Israel padha manggon ing tanah darbeke dhewe-dhewe ana ing kuthane dhewe-dhewe: yaiku wong lumrah, para imam, para wong Lewi, para abdi ing padalemaning Allah lan turune para abdine Prabu Suleman.


Panjenengane muga linuhurna dening langit lan bumi, sarta segara dalah kang molah ana ing jerone.


Amarga Pangeran Yehuwah bakal paring sih-kawelasan marang Yakub lan bakal milih Israel maneh lan bakal marengake padha dedunung ana ing tanahe, banjur wong bangsa liya bakal padha awor lan manunggal karo tedhake Rama Yakub.


Ingsun kang nyantosakake tembung-tembunge para abdiningSun lan nindakake putusan-putusan kang diundhangake dening para utusaningSun; kang ngandika bab Yerusalem: Prayoga dienggoni, lan tumrap kutha-kutha ing Yehuda: Prayoga dibangun, Ingsun karsa ngedegake maneh jugrugane!


Surak-suraka, he langit, giyak-giyaka, he bumi, lan padha bungah-bungaha kalawan surak-surak, he gunung-gunung! Amarga Pangeran Yehuwah nglipur umate lan asih marang para wong kang dadi kagungane kang padha katindhes.


Ingsun, iya Ingsun kang nglipur sira kabeh. Sapa ta sira iku, dene kok wedi marang manungsa kang pancen bakal mati, marang anaking manungsa kang kabuwang kaya suket,


Amarga Pangeran Yehuwah nglipur Sion, nglipur sakehing jugrugane; pasamunane kadadekake kaya patamanan Eden lan ara-arane samun kadadekake kaya patamananing Yehuwah. Ing kono tinemu kabungahan lan sukarena, kidung pamuji sokur lan swaraning rerepen.


Padha giyak-giyaka, padha surak-surak bebarengan, he gapuraning Yerusalem! Awit Pangeran Yehuwah wus nglipur umate, wus nebus Yerusalem.


Ing sajroning dukaningSun kang banget Ingsun wus ngaling-alingi wedananingSun marang sira sadhela, nanging marga saka sih-susetyaningSun kang langgeng Ingsun wus ngatingalake sih-piwelasingSun marang sira, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebusira.


Kayadene wong kang dilipur dening biyunge, iya kaya mangkono anggoningSun iki bakal nglipur sira kabeh; sira bakal padha dilipur ana ing Yerusalem.


Ing wektu iku prawan-prawan padha seneng-seneng jejogedan asukarena wong anom lan wong tuwa bakal padha sumyak-sumyak. Ingsun bakal nyantuni rudatine dadi kabungahan, nglipur lan mbungahake wong-wong iku sawise padha nandhang prihatin.


Ing kutha-kutha Pagunungan, ing kutha-kutha Tlatah Pagunungan, ing kutha-kutha ing Tanah Negeb, ing tlatahe Benyamin, ing saubenge Yerusalem lan ing kutha-kuthane Yehuda, wedhus-wedhus bakal liwat maneh ana ing sangisoring tangane kang ngetung. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”


Lan kutha iki bakal dadi bakuning kabungahan, kasuwur lan dadi pangaleman tuwin ingajenan tumrap Ingsun, ana ing ngarepe sakehe bangsa ing bumi; kang wus padha krungu bab sakehing kadarman kang Suntandukake marang bangsa iki; para bangsa bakal padha kaget lan gumeter, marga saka sakehing kadarman lan karaharjan kang Suntandukake marang bangsa iku.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina anggoningSun ngresiki sakehing kasalahanira, Ingsun bakal ndadekake kutha-kutha padha dienggoni maneh lan reruntuhan bakal kabangun maneh.


UmatingSun Israel bakal Sunpulihake maneh, nuli padha mbangun maneh kutha-kuthane kang wus gempur sarta banjur dienggoni; bakal padha nanduri pakebonane anggur, sarta bakal ngombe anggure, lan bakal padha gawe kebon woh-wohan lan mangan wohe.


Wong-wong Israel kang digawa menyang ing pambuwangan, bakal ngebeki tanahe wong Kanaan nganti tekan Zarfat, sarta wong-wong Yerusalem kang digawa menyang pambuwangan kang ana ing Sefarad, bakal padha ngebeki kutha-kutha ing Tanah Negeb.


Malaekat kang ngandikan karo aku banjur dhawuh marang aku mangkene: Iki undhangna: Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Wus banget anggoningSun mbudidaya kanggo Yerusalem lan Sion,


Aku tumuli tumenga lan ndeleng, lah ana sungu papat,


Ing kono Yehuda bakal kapundhut dening Sang Yehuwah dadi kagungane ana ing tanah kang suci, sarta Yerusalem bakal kapilih uga.


iku diprentahi mangkene: “Lumayua, wong nom kang ana ing kana kae kandhanana: Yerusalem bakal tetep kaya ara-ara kang ngeblak, awit saka kehing manungsa lan kewan kang ana ing jerone.


Sang Malaekating Yehuwah banjur ngandika marang Iblis mau: “He Iblis! Sira muga kadukanana dening Pangeran Yehuwah, iya kadukanana dening Sang Yehuwah kang milih Yerusalem. Wong iki rak tugelan kayu kang wus kajupuk saka ing geni?”


Awit sadurunge jagad katitahake iya ana ing Panjenengane iku Gusti Allah wus milihi kita, supaya kita padha suci tanpa cacad ana ing ngarsane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan