Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 1:12 - Kitab Sutji

12 Ing kono ature Sang Malaekating Yehuwah: Dhuh Yehuwah, Gustinipun sarwa tumitah, badhe ngantos pinten laminipun anggen Paduka boten welas dhateng Yerusalem sarta kitha-kithanipun Yehuda ingkang sampun Paduka bendoni laminipun pitung dasa taun punika?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 1:12
24 Iomraidhean Croise  

Kalawan mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah kang kalairake lumantar Nabi Yeremia wus kelakon, nganti tanah iku wus pulih saka ing kaanan katemahane anggone dilirwakake taun-taun sabate, amarga tanah mau cengkar salawase sabat nganti wus ganep pitung puluh taun.


Awit kawula nedha awu kadosdene roti, saha omben-omben kawula, kawula campuri luh.


Nanging, dhuh Yehuwah, Paduka ingkang adhedhampar ing salaminipun, sarta asma Paduka tetep turun-tumurun.


Tiyang ingkang nyengiti kawula tanpa sabab langkung kathah katimbang rambut kawula, kathah sanget cacahipun tiyang ingkang ngangkah badhe ngrisak kawula, ingkang nyatur kawula tanpa sabab; kawula dipun peksa nglintoni barang ingkang boten kawula rayah.


Dhuh Allah badhe ngantos sapinten dangunipun anggenipun satru punika nyenyampahi, saha mengsah anggenipun ngawon-awon asma Paduka tanpa kendel punika?


Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun anggen Paduka tansah paring bebendu Paduka, saha bentering panggalih Paduka anggenipun mulad-mulad kados latu?


Ana wayahe mateni, ana wayahe marasake; ana wayahe mbubrah, ana wayahe mbangun.


Ingsun maune duka marang umatingSun, najisake pusaka kagunganingSun, sarta Sunpasrahake ing tanganira; sira ora welas marang wong-wong iku, malah banget-banget anggonira ngetrapi pasangan kang abot marang wong kang wus tuwa.


ing salebeting karupekanipun sadaya. Sanes duta utawi utusan, nanging Panjenenganipun piyambak ingkang ngluwari; Panjenenganipun ingkang nebus margi saking tresna tuwin welasipun. Ing jaman kina sami dipun junjung saha dipun gendhong.


Ngantos pinten dangunipun malih nagari punika dados garing, lan rumput ing ara-ara sadaya sami alum? Margi saking durakanipun ingkang sami manggen ing ngriku sato kewan saha peksi-peksi sami tumpes sirna, awit pangintenipun: “Dheweke ora bakal meruhi tindak-tanduk kita!”


Kawula boten nate jejagongan tumut seneng-seneng kaliyan para tiyang ingkang sami gegujengan, amargi kawula kapetel dening asta Paduka, kawula lajeng linggih piyambakan awit Paduka sampun ngebaki nepsu manah kawula.


Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Samangsa wus ganep pitung puluh taun tumrap Babil, Ingsun lagi nggalih marang sira. Ingsun bakal nuhoni prasetyaningSun marang sira, ngulihake sira marang panggonan kene.


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun bakal mulihake kaanane tarub-tarube Yakub, lan melasi papan-papan panggonane; kutha iku bakal dibangun maneh ana ing sadhuwure jugrugane, lan kratone bakal ngadeg ana ing panggonane lawas.


Kang siji matur takon marang kang ngagem pangageman lena, kang ana ing sadhuwure banyuning kali mau: “Bening punapa prakawis-prakawis ingkang ngeram-eramaken punika anggenipun badhe rampung?”


ing taun kapisane anggone jumeneng nata iku, aku, Dhaniel, niti-priksa ana ing kumpulan Kitab, cacahing taun, kang manut pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Yeremia bakal kelakon tumrap tumpukan gempurane kutha Yerusalem yaiku pitung puluh taun.


Dhuh Yehuwah, taksih pinten dangunipun malih anggen kawula sambat-sambat, nanging Paduka boten midhangetaken; kawula nguwuh-uwuh dhumateng Paduka: “Wonten panganiaya!”, nanging Paduka boten mitulungi?


“Dhek mau bengi aku tampa wahyu: aku ndeleng ana priya nitih jaran abang, jumeneng ana ing antarane wit jambu keling kang ana ing jurang; lan ing burine ana jaran-jaran kang ulese abang, abang nom lan putih.


“Sira mratelakna marang rakyat sakabehe lan marang para imam, mangkene: Nalika sira padha puwasa karo ngadhuh-adhuh ing sasi kalima lan kapitu salawase pitung puluh taun iki, apa enggonira puwasa iku kagem kaluhuraningSun?


Mulane Panjenengane uga saged mitulungi rahayu kalawan sampurna marang sakehing wong kang sowan ing ngarsane Gusti Allah lumantar Panjenengane. Jalaran Panjenengane gesang ing salawase prelu jumeneng dadi Pantarane wong-wong mau.


Nyawa-nyawa mau padha nguwuh-uwuh kalawan swara sora: “Ngantos pinten laminipun malih, dhuh Sang Kristus ingkang Maha Suci sarta Sajati, anggen Paduka boten ngadili saha malesaken rah kawula dhateng tiyang ingkang manggen wonten ing bumi?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan