Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 1:1 - Kitab Sutji

1 Ing sasi kang kawolu ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Zakharia bin Berekhya bin Idho, mangkene:

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 1:1
17 Iomraidhean Croise  

Ing nalika samana pegawean pembanguning padalemane Gusti Allah ing Yerusalem mandheg sarta tetep mandheg nganti tumeka jumenenge Sang Prabu Dharius ratu ing nagara Persia ing taun kapindhone.


Nanging Nabi Hagai lan Nabi Zakharia bin Idho, nabi loro mau padha meca tumrap para wong Yahudi kang manggon ana ing Yehuda lan ing Yerusalem, atas asmane Gusti Allahe Israel, kang nganthi wong loro iku.


Zakharia saka kulawangsane Ido, Mesulam saka kulawangsane Gineton,


Ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, ing sasi kang kaping nem tanggal sapisan, ana pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hagai, kadhawuhake marang Sang Zerubabel bin Sealtiel, bupati ing Yehuda, lan marang Imam Agung Yusak bin Yozadak, surasane:


Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hagai mangkene:


Anadene kaendahane Padaleman iki kang besuk bakal ngluwihi kaendahane kang dhisik, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi –, lan ana ing panggonan iki Ingsun bakal paring tentrem-rahayu –. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa dumadi.”


apa ing lumbung isih ana winihe? Karodene wit anggur lan wit anjir, wit dlima lan wit jaitun, apa padha dhurung awoh? Wiwit ing dina iki Ingsun bakal paring berkah.”


Ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, pinuju sasi kang kaping sawelas, iya sasi Syebat, tanggal kaping patlikur, ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Zakharia bin Berekhya bin Idho, mangkene:


Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:


Ing taun kang kaping pat jamane Sang Prabu Dharius, pinuju tanggal kaping papat sasi kasanga, yaiku sasi Kislew, ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Zakharia.


supaya kowe padha katempuhna wutahing getihe wong kang ora salah wiwit saka Abil wong kang mursid iku, nganti tekan Zakharia anake Berekhya, kang kokpateni ana ing antarane papan suci lan misbyah.


wiwit saka getihe Habel nganti getihe Zakharia, kang kapatenan ana ing antarane misbyah lan Padalemaning Allah. Malah Aku pitutur ing kowe: Jinis iki mesthi bakal katempuhake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan