YUSAK 9:9 - Kitab Sutji9 Atur wangsulane: “Para abdi panjenengan punika dhateng saking tanah ingkang tebih sanget, awit saking asmanipun Yehuwah, Gusti Allah panjenengan; amargi kula sampun sami mireng wartosipun, inggih samukawis ingkang sampun dipun tindakaken wonten ing tanah Mesir, Faic an caibideil |
Yesua, Kadmiel, Bani, Hasabneya, Serebya, Hodiya, Sebanya, lan Petahya, – iku wong Lewi kabeh – banjur padha ngucap mangkene: “Padha ngadega saosa puji marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, langgeng ing salawase! Dhuh Allah, pinujia asma Paduka ingkang mulya, ingkang kaluhuraken ngungkuli saliring pamuji kaliyan pakurmatan!”
Ingsun bakal maringi tengeran ana ing satengahe lan panunggalane iku bakal ana kang Sunutus, yaiku para wong kang bisa oncat, marani bangsa-bangsa, yaiku menyang ing Tarsis, Pul lan Lud, menyang ing Mesekh lan ing Rosy, menyang ing Tubal lan Yawan, lan menyang ing pulo-pulo kang adoh kang durung tau krungu kabar bab Ingsun sarta durung tau ndeleng kamulyaningSun, supaya padha martakake kamulyaningSun ana ing satengahe para bangsa.
Wangsulane wong-wong mau marang Senapati Yusak: “Para abdi panjenengan sami angsal wartos ingkang gumathok, bilih Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun paring dhawuh dhateng Nabi Musa, abdinipun, supados maringaken nagari punika sadaya dhateng panjenengan, sarta nyirnakaken sakathahipun tiyang ingkang manggen ing nagari punika saking ing ngarsa panjenengan; mila kula sami ajrih sanget manawi badhe kecalan nyawa kula wonten ing ngarsa panjenengan; inggih punika sababipun kula lajeng gadhah patrap ingkang kados mekaten punika.