Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 9:8 - Kitab Sutji

8 Wonge padha matur marang Senapati Yusak: “Kula sami dadosa abdi-abdi panjenengan.” Tumuli padha didangu: “Panjenengan punika sinten saha rawuh panjenengan saking pundi?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 9:8
9 Iomraidhean Croise  

Awit saka iku panggedhening kraton lan panggedhening kutha, lan uga para pinituwa sarta para pamomong padha kongkonan munjuk marang Sang Prabu Yehu: “Kawula sadaya punika abdi dalem sarta sadaya dhawuh dalem badhe sami kawula lampahi. Kawula boten sami badhe njumenengaken sinten kemawon dados ratu. Sumangga, panjenengan dalem karsaa nindakaken punapa ingkang kagalih prayogi.”


Samangsa kutha iku gelem nampani pangajakmu bedhamen lan kowe diwengani gapura, sakehe wong isine padha dadekna wong nyangga karya kanggo kaperluanmu, lan sabanjure padha ngawulaa marang kowe.


Wong ing Gibeon banjur padha kongkonan menyang ing ngarsane Sang Senapati Yusak ana ing pakemahan ing kutha Gilgal, ature: “Mugi sampun ngantos negakaken para abdi panjenengan, enggal rawuha dhateng panggenan kula, ngluwari lan mitulungi kula, amargi sadaya ratunipun bangsa Amori ingkang wonten pareden sami sakuthon nglawan dhateng kula.”


Milanipun para sesepuh kula kaliyan sakathahipun tiyang ing tanah kula sami meling dhateng kula, makaten: Padha nggawaa sangu kanggo ana ing dedalan lan padha methukna bangsa iku sarta padha matura: Kawula sami dados abdi panjenengan, mugi karsaa damel prajanjian kaliyan kula.


Kang iku kowe padha kenaa ing ipat-ipat lan kowe salawase padha dadi batur, yaiku tukang amek kayu lan juru pangangsu lumadi marang padalemane Gusti Allahku.”


Lah sapunika kula sami wonten ing asta panjenengan, sami kadamela kados pundi ingkang kagalih prayogi tuwin leres ingkang badhe katandukaken dhateng kula sadaya.”


Lan ing dina iku uga wong-wong mau padha ditetepake dening Senapati Yusak dadi tukang amek kayu lan juru pangangsu lumadi marang umat lan marang misbyahe Pangeran Yehuwah nganti tumeka saprene, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Panjenengane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan