Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 9:7 - Kitab Sutji

7 Nanging wong Israel tumuli padha celathu marang wong Hewi mau: “Bokmanawi panjenengan punika sami manggen wonten ing tengah-tengah kula ngriki, kadospundi anggen kula saged damel prajanjian kaliyan panjenengan?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 9:7
14 Iomraidhean Croise  

bangsa Hewi, bangsa Arki lan bangsa Sini,


Bareng kapirsan Sang Sikhem putrane Sang Prabu Hemor, wong agung Hewi, raja negara kono, tumuli diplajengake lan ditunggil sare nganggo dirodapeksa.


Banjur tekan ing panggonan kang ana betenge, Tirus, lan sakehing kuthane wong Hewi lan wong Kanaan; wekasan tekan ing laladan Yehuda sisih kidul, ing Bersyeba.


Nanging manawa sira temen-temen ngestokake dhawuh-dhawuhe, lan nglakoni sabarang kang Sundhawuhake, Ingsun bakal nglawan marang mungsuhira lan nglawan marang lawanira.


Mulane Ingsun tumedhak karsa nguwalake umatingSun saka ing tangane wong Mesir, sarta Sunirid metu saka ing nagara iku menyang nagara kang becik lan jembar, nagara kang luber puwan lan madu, panggonane wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus.


Poma, sira aja gawe prajanjian karo wong isine tanah kang bakal padha sira tekani iku, aja nganti wong iku padha dadi kala-jiret ana ing tengahira.


wong kang manggon ing kono nuli padha sira tundhungana kabeh saka ing ngarepira, lan sakehe watu ukir-ukirane padha sira sirnakna, karodene sakehe reca cithakan iya padha sira gempurana, dalah sakehe tengger pepundhene padha sira bubrahana.


Nanging kutha-kuthane bangsa-bangsa kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu, iku sakehe kang mawa ambekan aja ana kang kokuripi,


Ora ana nagara siji-sijia kang nganakake prajanjian memitran karo wong Israel, kajaba mung para wong Hewi kang ana ing Gibeon; kabeh padha dirayud sarana perang.


Bareng bab iku kapireng dening para ratu kang ana ing sakulone bengawan Yarden, ing pagunungan, ing tanah ngare lan ing sauruting pesisire segara Gedhe tumeka ing sisih kanane gunung Libanon, yaiku ratune bangsa Het, bangsa Amori, bangsa Kanaan, bangsa Feris, bangsa Hewi lan bangsa Yebus,


nanging sira iku aja gawe prajanjian karo wong ing tanah kene, misbyahe malah bubrahana. Nanging sira padha ora ngestokake marang dhawuhingSun. Kapriye dene sira kok padha mangkono?


Kang isih yaiku ratu kutha lelima ing tanah Filisti lan sakehe wong Kanaan, wong Sidon tuwin wong Hewi kang padha ngenggoni pagunungan Libanon, wiwit ing gunung Baal-Hermon tutug ing dalan kang menyang ing Hamat.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan