Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 9:6 - Kitab Sutji

6 Kaya mangkono anggone padha sowan marang ing ngarsane Senapati Yusak ana ing pakemahan ing Gilgal. Ature marang Senapati Yusak lan para wong Israel: “Kula punika sami dhateng saking tanah tebih, lah sapunika panjenengan karsaa damel prajanjian kaliyan kula.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 9:6
9 Iomraidhean Croise  

Makaten ugi manawi wonten tiyang manca, ingkang boten kagolong umat Paduka Israel, ingkang dhateng saking nagari ingkang tebih margi saking asma Paduka, –


Bareng wus mangkono Nabi Yesaya sowan ing ngarsane Sang Prabu Hizkia lan munjuk pitakon: “Punapa ingkang sampun dipun aturaken dening tiyang-tiyang punika? Tuwin saking pundi asalipun tiyang-tiyang punika?” Paring wangsulane Sang Prabu Hizkia: “Tiyang-tiyang punika dhatengipun saking nagari ingkang tebih, saking nagari Babil!”


Sawuse mangkono Senapati Yusak banjur kondur menyang ing pakemahan ing kutha Gilgal, kadherekake dening wong Israel kabeh.


Wong ing Gibeon banjur padha kongkonan menyang ing ngarsane Sang Senapati Yusak ana ing pakemahan ing kutha Gilgal, ature: “Mugi sampun ngantos negakaken para abdi panjenengan, enggal rawuha dhateng panggenan kula, ngluwari lan mitulungi kula, amargi sadaya ratunipun bangsa Amori ingkang wonten pareden sami sakuthon nglawan dhateng kula.”


Bangsa mau anggone mentas saka ing bengawan Yarden mbeneri tanggal ping sepuluh sasi kapisan; banjur padha lereb ana ing Gilgal, ing tapel-watese Yerikho kang sisih wetan.


Sajrone wong Israel padha lereb ana ing Gilgal kono, padha ngriyayakake Paskah ing tanggal ping patbelas ing sasi kang lumaku iku, ing wayah sore ana ing tanah ngare ing Yerikho.


sikile padha dianggoni trumpah kang elek-elek lan tambalan, sarta padha nganggo sandhangan kang wus lungsed; lan sangune roti kabeh wus garing, kari gogrogan thok.


Atur wangsulane: “Para abdi panjenengan punika dhateng saking tanah ingkang tebih sanget, awit saking asmanipun Yehuwah, Gusti Allah panjenengan; amargi kula sampun sami mireng wartosipun, inggih samukawis ingkang sampun dipun tindakaken wonten ing tanah Mesir,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan