Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 9:5 - Kitab Sutji

5 sikile padha dianggoni trumpah kang elek-elek lan tambalan, sarta padha nganggo sandhangan kang wus lungsed; lan sangune roti kabeh wus garing, kari gogrogan thok.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 9:5
7 Iomraidhean Croise  

Nanging bapakne prentah marang batur-bature: Enggal jupukna jubah kang apik dhewe, nuli enggokna, drijine enggonana ali-ali lan enggonana sepatu sikile.


Sira wus Sunirid lakunira ana ing pasamunan nganti patang puluh taun lawase, sandhanganira ora dadi lungsed, lan trumpahira ora dadi jebol ana ing sikilira;


Wesi lan tembaga dadia slaraking lawangmu, lan kasantosanmu lestaria sajege uripmu.


Punika roti kula, anggen kula mbekta saking griya kangge sangu taksih anget, nalika kula sami mangkat badhe lumampah sowan dhateng ing ngarsa panjenengan, kapirsanana sapunika sampun garing kantun gogrogan thok.


Lah punika impes wadhah anggur, punika kala kula iseni sami taksih enggal, mangga sapunika kapirsanana sampun sami bedhah, makaten ugi sandhangan kaliyan trumpah kula punika ugi sami sampun awon, jalaran saking lelampah ingkang tebih punika.”


tumuli padha nindakake akal: padha cepak-cepak sangu, kuldine padha dimoti karung kang elek-elek, karo impes wadhah anggur kang elek-elek kang wus jithet-jithetan;


Kaya mangkono anggone padha sowan marang ing ngarsane Senapati Yusak ana ing pakemahan ing Gilgal. Ature marang Senapati Yusak lan para wong Israel: “Kula punika sami dhateng saking tanah tebih, lah sapunika panjenengan karsaa damel prajanjian kaliyan kula.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan