Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 9:3 - Kitab Sutji

3 Nanging wong Gibeon bareng padha krungu apa kang katandukake dening Sang Yusak marang Yerikho lan Ai,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 9:3
17 Iomraidhean Croise  

Senapati Abner, bin Ner, klawan balane Prabu Isyboset, bin Saul nglurug saka ing Mahanaim menyang ing Gibeon.


Sang Yismaya, wong Gibeon, sawijining gegedhug ing antarane wong telung puluh kasebut ing ngarep, kang manggedheni wong telung puluh; Sang Yirmiya, Yehaziel, Yohanan lan Sang Yozabad, wong Gedera;


Sang Prabu Suleman banjur tindak menyang ing tengger pangorbanan ing Gibeon kadherekake dening wong sapasamuwan mau kabeh, amarga ana ing kono dununge Tarub Pasewakaning Allah yasane Nabi Musa, abdining Yehuwah, ana ing pasamunan.


Ing sajroning taun iku uga, nalika wiwit jumenenge Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, panuju ing sasi kalima, ing taun kang kaping papate, Nabi Hananya bin Azur, kang asal saka ing Gibeon iku pratela marang aku ana ing padalemane Sang Yehuwah, ana ing ngarepe para imam lan rakyat kabeh:


Bareng Prabu Adhoni-Zedhek, ratu ing Yerusalem midhanget pawarta manawa Senapati Yusak wus mbedhah lan nyirnakake kutha Ai, sarta apa kang katandhukake marang kutha Yerikho lan ratune, uga kaetrapake marang kutha Ai lan ratune lan manawa wong ing kutha Gibeon wus padha nganakake prajanjian memitran karo wong Israel lan manggon ana ing satengahe,


temah wong padha wedi banget, amarga Gibeon iku kutha kang gedhe, kaya salah sawijining kutha karajan, malah luwih gedhe katimbang kutha Ai, sarta wong kabeh padha prawira.


Ing dina iku Senapati Yusak mbedhah kutha Makeda lan digecak klawan landheping pedhang, uga ratune; kuthane dalah wong saisine kutha padha ditumpes, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat lan ratu ing Makeda iku dipatrapi padha kaya kang wus katandukake marang ratu ing kutha Yerikho.


Lan kutha iku uga diulungake Sang Yehuwah marang wong Israel dalah ratune; kuthane digecak dening Senapati Yusak klawan landheping pedhang dalah sakehe wong saisine kutha, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, sarta ratune dipatrapi padha kaya kang wus ditandukake marang ratu ing Yerikho.


Ora ana nagara siji-sijia kang nganakake prajanjian memitran karo wong Israel, kajaba mung para wong Hewi kang ana ing Gibeon; kabeh padha dirayud sarana perang.


Gibeon, Rama, Beerot,


Saka taler Benyamin: Gibeon sapangonane, Geba sapangonane,


Amarga bareng wong Israel wus padha budhalan, ing telung dinane padha tekan ing kutha-kuthane wong-wong mau; dene kuthane yaiku: Gibeon, Kefira, Beerot lan Kiryat-Yearim.


Senapati Yusak banjur nimbali wong-wong mau, kang tumuli padha dipangandikani mangkene: “Yagene kowe kok padha ngapusi marang aku, pangucapmu: Panggenan kula tebih sanget saking panjenengan, jebulane kowe padha manggon ana ing tengahku kene?


tumuli padha nindakake akal: padha cepak-cepak sangu, kuldine padha dimoti karung kang elek-elek, karo impes wadhah anggur kang elek-elek kang wus jithet-jithetan;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan