Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 9:25 - Kitab Sutji

25 Lah sapunika kula sami wonten ing asta panjenengan, sami kadamela kados pundi ingkang kagalih prayogi tuwin leres ingkang badhe katandukaken dhateng kula sadaya.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 9:25
12 Iomraidhean Croise  

Rama Abram banjur ngandika marang Ibu Sarai: “Lah ta baturmu iku ana ing panguwasamu, tandukana apa kang kokrasa patut!” Ibu Sarai banjur nindhes kang banget marang Ibu Hagar, satemah iku banjur minggat.


Nanging manawi Panjenenganipun ngandika makaten: Ingsun wis ora sarju marang sira, kula inggih sandika, mugi Pangeran nandhukaken dhateng kula punapa ingkang sae wonten ing ngarsanipun.”


Sang Prabu ngandika marang Nabi Gad: “Sanget ribed manah kula, kajengipun kawula dhawah ing astanipun Sang Yehuwah, amargi ageng sihkadarmanipun; nanging sampun ngantos kula dhawah ing tanganipun manungsa.”


Awit saka iku panggedhening kraton lan panggedhening kutha, lan uga para pinituwa sarta para pamomong padha kongkonan munjuk marang Sang Prabu Yehu: “Kawula sadaya punika abdi dalem sarta sadaya dhawuh dalem badhe sami kawula lampahi. Kawula boten sami badhe njumenengaken sinten kemawon dados ratu. Sumangga, panjenengan dalem karsaa nindakaken punapa ingkang kagalih prayogi.”


Ingsun maune duka marang umatingSun, najisake pusaka kagunganingSun, sarta Sunpasrahake ing tanganira; sira ora welas marang wong-wong iku, malah banget-banget anggonira ngetrapi pasangan kang abot marang wong kang wus tuwa.


Nanging menggah kula, kula punika wonten ing asta panjenengan, inggih sumangga, kula kapatrapana, punapa ingkang panjenengan galih sae lan leres.


Sang Prabu Zedhekia ngandika: “Prayoga, wong iku ana ing tanganira! Amarga ratu ora bisa nindakake apa-apa, kang nyulayani sira!”


Inggih, Rama, pancen makaten karsa Paduka.


Banjur iya mangkono iku kang katandukake dening Senapati Yusak marang wong mau, padha diluwari saka ing tangane wong Israel, satemah ora padha dipateni.


Unjuke wong Israel marang Sang Yehuwah: “Kawula sampun sami damel dosa, sumangga sami Paduka punapakaken ing sakarsa Paduka. Namung sapunika mugi Paduka luwari.”


Sang Gidheon banjur murugi wong ing Sukot, sarta ngandika: “Iki lho Zebah lan Salmuna, kang padha kokkandhakake kanthi pemada marang aku: Zebah lan Salmuna punapa sampun karegem ing asta panjenengan, dene kula kok sami kapurih nyukani roti dhateng para tiyang panjenengan ingkang sayah punika?”


Samuel banjur ngaturi kabeh mau marang Imam Eli, ora ana sawiji bae kang disidhem. Imam Eli nuli ngandika: “Panjenengane iku Sang Yehuwah, iya kelakona apa kang kagalih prayoga.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan