23 Kang iku kowe padha kenaa ing ipat-ipat lan kowe salawase padha dadi batur, yaiku tukang amek kayu lan juru pangangsu lumadi marang padalemane Gusti Allahku.”
Para panggedhe nuli padha nyambungi maneh: “Kareben padha lestari urip.” Wong-wong iku padha didadekake tukang amek kayu lan pangangsu lumadi marang wong saumat kabeh, kaya kang wus dadi katetepane para panggedhe mau tumrap wong-wong iku.
Lan ing dina iku uga wong-wong mau padha ditetepake dening Senapati Yusak dadi tukang amek kayu lan juru pangangsu lumadi marang umat lan marang misbyahe Pangeran Yehuwah nganti tumeka saprene, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Panjenengane.