Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 9:21 - Kitab Sutji

21 Para panggedhe nuli padha nyambungi maneh: “Kareben padha lestari urip.” Wong-wong iku padha didadekake tukang amek kayu lan pangangsu lumadi marang wong saumat kabeh, kaya kang wus dadi katetepane para panggedhe mau tumrap wong-wong iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 9:21
9 Iomraidhean Croise  

Swarane kaya ula kang ngeses, samangsa padha maju kanthi wadya-bala; padha nempuh marang dheweke klawan nggawa wadung kayadene para blandhong.


Ing dina iki kowe kabeh padha ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, para panggedhene talermu, para tuwa-tuwamu lan para tetindhihing wadya-balamu lan sakehe wong lanang ing Israel,


anak-anakmu, somahmu lan bangsa liya kang ana ing pakemahanmu, dalasan para tukang nyigari kayu lan tukang nimba;


Bareng Prabu Adhoni-Zedhek, ratu ing Yerusalem midhanget pawarta manawa Senapati Yusak wus mbedhah lan nyirnakake kutha Ai, sarta apa kang katandhukake marang kutha Yerikho lan ratune, uga kaetrapake marang kutha Ai lan ratune lan manawa wong ing kutha Gibeon wus padha nganakake prajanjian memitran karo wong Israel lan manggon ana ing satengahe,


Senapati Yusak banjur memitran karo para wong iku mau sarta damel prajanjian manawa bakal padha diuripi, malah para panggedhene padha prajanji klawan sumpah.


Mangkene kang bakal padha daktindakake: Wong iku kareben padha diuripi, supaya kita aja nganti padha katiban ing bebendu gedhe awit saka sumpah kang wus padha daklairake marang wong-wong iku.”


Kang iku kowe padha kenaa ing ipat-ipat lan kowe salawase padha dadi batur, yaiku tukang amek kayu lan juru pangangsu lumadi marang padalemane Gusti Allahku.”


Lan ing dina iku uga wong-wong mau padha ditetepake dening Senapati Yusak dadi tukang amek kayu lan juru pangangsu lumadi marang umat lan marang misbyahe Pangeran Yehuwah nganti tumeka saprene, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Panjenengane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan