YUSAK 9:20 - Kitab Sutji20 Mangkene kang bakal padha daktindakake: Wong iku kareben padha diuripi, supaya kita aja nganti padha katiban ing bebendu gedhe awit saka sumpah kang wus padha daklairake marang wong-wong iku.” Faic an caibideil |
Ingsun bakal nyelaki sira kabeh prelu ngasta pangadilan lan jumeneng dadi seksi kang maju nglawan marang para juru tenung lan para wong laku bandrek, sarta marang wong-wong kang nglairake sumpah palsu, tuwin marang wong kang nindhes para buruh opahan, para randha lan bocah lola, apadene kang nundhung wong ngamanca, tanpa duwe rasa wedi marang ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.