Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 9:19 - Kitab Sutji

19 Sakehe para panggedhe padha mituturi wong saumat kabeh: “Aku wus padha prajanji marang para wong iku klawan sumpah atas asmane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, saiki aku padha ora kena ngarubiru wong iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 9:19
5 Iomraidhean Croise  

Mbangun-mituruta marang dhawuhing ratu demi sumpahmu marang Gusti Allah.


Samubarang kabeh iku padha bae tumrap wong kabeh; nasibe wong iku padha: wong mursid apa wong duraka, wong becik apa wong ala, wong kang resik apa wong kang jember, wong kang caos kurban apa kang ora caos kurban. Wong becik padha kaya wong dosa, wong kang supata padha kaya wong kang wedi sumpah.


Lan manawa sira nglairake supata klawan kasetyan, kaadilan lan kabeneran: Demi Sang Yehuwah kang gesang, para bangsa bakal padha berkah-binerkahan ana ing Panjenengane lan bakal padha gedhe atine marga saka Panjenengane.”


Wonge padha ora dipateni dening wong Israel, amarga wus padha tampa prajanjian saka para panggedhening umat klawan sumpah atas asmane Yehuwah, Gusti Allahe Israel. Wong saumat kabeh padha pating kedumel marang para panggedhe mau.


Mangkene kang bakal padha daktindakake: Wong iku kareben padha diuripi, supaya kita aja nganti padha katiban ing bebendu gedhe awit saka sumpah kang wus padha daklairake marang wong-wong iku.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan